Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

10 Bandha Kamardikan


BAYU
Ibnu Gholib

silir aku ngrasakake
ngilangi sumuk
ngilangi sumpeging ati

yen aku ngrasakake lakumu
aku bisa keli karo silirmu
bisa nututi lakumu
sing muter, mubeng, mrana-mrene
munggah mudhun
ngobahake godhong
ngobahake pang
ngobahake pari sawah

lamun sliramu
nesu
bisa ngrusak
apa wae kang ana ing alam donya

angin lesus
angin topan
mubeng, menggak-menggok
kopat-kapit kaya ula tapak angin
obahmu kaya jangkrik mambu kili
nyaut apa wae sing kokliwati
oh ... bayu
paringa silirmu
supaya wong-wong "keli” ing lakumu