Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 9

KAMARDIKAN

Farida Nur Rifai

kamardikan gegayuhane para leluhur
gegayuhan kang ngorbanake nyawa,
tenaga, bandha, lan kulawarga
yaiku gegayuhan
gegayuhane para satriya tama
satriya kang ora mung ngendelake kuwate raga
nanging uga limpating panggraita

gegayuhan iku wis klakon ing taun 1945
klakon awit jasane para “dewa”
dewa kang awujud satriya
satriya kang wani maju palagan mbela negara
kanthi adhedhasar Pancasila
duwe lambang manuk Garudha
duwe panji sang dwiwarna
ngadeg jejeg sinandhingan bangsa lan negara manca
tembe kowe bakal menjila