Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8 BANDHA KAMARDIKAN

AKU MUNG CECAK, ORA LUWIH

Desideria

aku mung kewan lumrah
aku mung cecak .... ora luwih
bocah-hocah seneng nyekel
lan awaku dienggo dolanan
apa ora ana dolanan Jiya’?
aku mung cecak Jummth, ora luwih

malah wong-wong nyekel aku dienggo pakan manuk
kucing, lan kewan tiyane
apa ora ana panganan liya?
aku mung cecak, ora luwih
aku mung cecak, ora luwih
kang ora bisa suwala
aku mung bisa nyekel lemut
aku mung bisa mangan lemut, ora luwih
aku ora njaluk apa-apa
ore njaluk bandha
aku ora njaluk digolekake pangan kaya pitik broiler
aku mung cecak lumrah
lamun kowe bisa
aku mung njaluk kowe gelem mikir
kepriye yen ing donya ora anak aku?
apa kowe bisa nuroke atimu
yen lemut-lemut tansah nyesep getihmu
apa kowe seneng yen lemut saya lemu amarga mangan
getihmu?

aku mung cecak lumrah, ora luwih ...