Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 7

LANGIT KATUTUP REMBULAN

Desideria

Apa ana langit katutup rembulan?
wah..., wah, lucu, banget lucu

langit kang jembar lan bawera
kadhang kala katutup rembulan
kang mung sethimik .... cilik

langit kang duwe sewu rembulan
bisa katutup rembulan
kang mung sawiji
wah... wah, lucu. lucu tenan
nanging ana... ana...tenan.., tenan!
ana langit katutup rembulan
ana... ana tenan

kuwi jebul paribasan
wong mung siji bisa ngalahake bangsa
negara Kang duwe wong rongatus yuta

wong mau bisa nutupi kabeh salahe
marang negara bangsa kang gedhe
kang jembare tan winates
kang marake ati kekes

wah...., wah, lucu, lucu tenan
ana langit katutup rembulan