Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6 BANDHA KAMARDIKAN

CANDHI PRAMBANAN
Yogi

candhi yasane Bandung Bandawasa
mbiyen kanggo puja semadi
saiki.
kaloka saindhenging jagad raya
papan wisata kang winastan endah lan tinata
gawe sengseming mripat manca

wayah wengi wulan purnama
diadani seni kaloka
sinebut balet Ramayana
caritane prabu rama lan sinta
sanajan arang kang ngrasa
sejatine candi iku candi jiwa
saiki mung dadi tamba mata


GUNUNG MERAPI
Yogi

sliramu ngađeg jejeg
tandangmu kadhang kala nggegirisi
nalikane muntahake lahar geni
kabeh wong padha nyekseni
malah ana kang narani gawe laraning ati
sajatine lamun sira permati
paring rezeki
tumrap wong kang mbutuhake wedhi
yaiku wong-wong kang nyawane ana kali
kang gawe wong-wong
bisa murakabi
marang anak bojo
lamun uripe gelem tansah nastit