Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 5

LARA ATI

Ratmaeda Sarastry

mripatku teles, kena banyu
beda karo atiku sing panas
kasatan banyu
atiku nangis nandhang lara
nanging
lara, kara dudu lara raga dumrah
iki lara sing bisa agawe tangising atiku
lara ati
rasane banget lara
kang ora bisa sinaput ing tangis.
tangis ku mokal gawe tentrem ati sing lara iki
amarga lara ati
rasane, banget lara, lara ati, pancen lara kepati