Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5


gampil sanget andawahaken loeh, amargi sanget trenjoehing manah soemerep sipating kagoenan adhi loehoeng solah-bawaning djogéd, ingkang amoeng saémper kalijan wadher bang ing salebeting gelas.
BABAD LAN MEKARING DJOGED.
  Lahiring djogéd kadhos kénging ginagapan sareng kalijan manoengsa, inggih dherenging kodhrating manoengsa, sami dholanan rengeng-rengeng gegamelan, sinarengan ébahing badhan, ingkang boten djinarak awoedjoed djogéd, saémper kadhos dherenging bijoeng ndholani anakipoen kadhos ingkang koela atoeraken ing ngadjeng. Kadhos poenapa sipating djogéd ing wekdhal samanten saéstoe boten siwah kalijan djogédhipoen tijang wanan. Makaten waoe boten anéh, sadhaja kaboedhajan oetawi kagoenan nalika pinanggih ingkang kapisan, taksih koetjiwa ing samoekawisipoen, ananging kala mangsa inggih katingal mekaripoen, kandhel-tipisipoen goemantoeng kadjenging djaman, inggih kadjenging manoengsa, ingkang sami karaos ambetahaken.
  Ing taoen 991—1043 djaman Praboe Erlangga ing Kaoeripan, wiwit mijos dhoemoegi ambegawan, (mriksanana boekoe Hindoe Javaansche Kunst, door N. J. Krom ‘pérangan | katja 64—67) kaboedhajan toewin kagoenan dhalasan tatanan kapradjan lan tatanén kagatosaken sanget.
 Katjarijos: tijang sami saged djogéd gamelanipoen amoeng warni tiga: soeling, kendang toewin gambang. Sapinten dhedheging djogéd katanding kalijan ing