Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4


santering wiramaning djogéd Bali oetawi ballét, boten kénging kawastanan kasar, nanging sigrak, prigel pangidhaking wirama, gampil kasoemerepan ing paningal ébahing sadhaja sarandhoening badhan.
  Djogéd ingkang dhoemoenceng ing satoenggal-toenggaling nagari oetawi bangsa, boten sadhaja sampoen sampoerna ing samoekawisipoen, saéstoe taksih wonten ingkang koetjiwa, oepaminipoen djogédhipoen tijang Papoea. Sanadhyan ing paningal boten anengsemaken, amargi koetjiwa ing sadhajanipoen, éwodhéné toemandhanging badhan boten njimpang saking wiramaning swaraning pirantos ingkang kanggé gamelan, liripoen sadhaja kagoenan boten bédha dasar-dasaring kekadjengan.
  Para maos: Djogédhipoen tijang Papoea kadhos boten badé bédha kalijan djogéd Djawi, manawi kaoekoer nalika taoen Djawi windhoe ingkang kapisan. Kanggé njoemerepi koetjiwa lan sampoernaning djogéd poenika, saged kaoekoer saking pirantosing gamelan. amargi inggih gamelan poenika ingkang tansah gegandéngan kalijan djogéd, dhadhos mekaring gamelan saéstoe sesarengan kalijan mekaring djogéd, sampoernaning gamelan inggih sampoernaning djogéd. Paseksén djoemboehing djogéd lan gangsa waoe ngantos saged dhipoen soemerepi salebeting sanoebarining laré alit ingkang nembé saged loemampah, inggih laré waoe asring poeroen ndjogéd, samangsa dhipoen game (gamelan tjangkem) bijoengipoen oetawi ingkang momong. Mila manawi para ahli djogéd kaleres ningali gambar sorot soemerep srimpi medhal ing kelir,