Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6

djaman samangké saged kaoekoer saking tjingkranging pirantosing gamelan, inggih kénging kapasthékaken teksih dhéréng padja-padja ngémperi.
  Sapengkeripoen Praboe Erlangga nalika karaton dhadhos kalih (Djenggala lan Kediri), boten wonten tjarijosipoen prakawis kaboedhajan oetawi kagoenan, Ing taoen 1104—1157 karaton dhadhos satoenggal ing Kediri sawatawis katingal kamadjenganipoen kasoesastran lan kapoedjanggan, kadhosta: serat-serat Kresnajana lan Soemanasantaka, karanganipoen empoe Trigoena, toewin serat Baratajoedha karanganipoen empoe Sedah.
  Wiwit ing taoen 1222—1333 katradjang retoening pradja, para Nata lan Satrija sami tansah andhon joedha, kaboedhajan lan kagoenan babar pisan boten kasroewé, inggih padhoedhon salebeting pradja poenika ingkang asring dhadhos wisaning kamadjengan ing samoekawis.
  Ing taoen 1334—1389 djaman Praboe Hajamwoeroek, Patih Gadjahmadha, ing Modjopahit inggih djaman koemboeling tanah Djawi. Kagoenan djogéd, kapoedjanggan, gamelan toewin tembang kagatosaken sanget. Manawi kaleres wonten karaméjan oetawi wonten tijang gadah dhamel, Praboe Hajamwoeroek kerep karsa toemoet mbantoe ngramékaken pasamoewan, malah asring kapareng njalirani, mbeksa pijambak, ingkang rama ingkang milihaken gendingipoen, sarta toemoet naboeh gamelan, ingkang iboe dhame] rerepen lan anjindéni. Awit toentoenaning kagoenan kahasta ingkang djoemeneng Nata pijambak, para maos kadhos