Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3


moedjoedhaken barang anjar, amoeng tansah anggagas kamoeljan ingkang sampoen kapoengkoer, boten anggatosaken dateng djaman ingkang dhipoen lampahi, sirna padang pamraneming paningal dateng papasthén ing tembé. Pamanggih ingkang makaten waoe kénging kabantah kalajan paseksén : babadhing sadhaja bangsa sampoen anedhahaken pambangoening gesang babrajan kedhah njoemerepi lalampahan oetawi kamoeljan ingkang sampoen kapoengkoer, kanggé dasaring lampah ngoedhi .sampoernaning gesang babrajan, makaten kaboedhajan lan kagoenan tilaraning leloehoer koela sami boten kénging kasingkoer, nanging kalaras mitoeroet raos lan tjara énggal, ingkang sami dhipoen lampahi ing djaman samangké.
DJOGED.
  Ingkang kawastanan djogéd inggih poenika ébahing sadhaja sarandhoening badhan kasarengan oengeling gangsa (gamelan) katata pikantoek kalajan wiramaning gending, djoemboehing pasemon kalajan pikadjenging djogéd, makaten woedjoedhing djogéd, dhéné ing paningal bédha lagoe-lagoening ébahing badhan, wonten

ingkang santer lan membat, kadhosta: djogéd Bali lan ballét ing Prantjis jén katanding kalijan djogéd Djawi, santering wirama kadhos nikel gangsal oetawi langkoeng. Djogéd Djawi membat boten ateges lembék, nanging saréh, liripoen ing salebeting djogéd, boten wonten mangsa kanggé lereming badhan, nanging tansah ébah ngetoetaken lampahing wirama, ingkang boten gampil kasoemerepan ing paningal. Makaten oegi