Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

2

  Leres tjatjahing kagoenan Djawi ingkang asli sakedik sanget, liripoen ingkang kathah nampi piwoelang saking bangsa Hindoe. Ananging piwoelang waoe ladjeng kadapoek ingkang tjotjog kalijan raos Djawi, mila ladjeng awoedjoed kagoenan Djawi. Kadhosta: serat Ardjcena Wiwaha, karanganipoen empoe Kanwa, poedjangga Karaton Kaoeripan, tahoen 1030, lan serat Barata Joedha, karanganipoen empoe Sedah, poedjangga Karaton ing Kediri, tahoen 1157, (mriksanana boekoe Hindoe-Javaansche Kunst door Dr. N. J. Krom, Hoogleeraar te Leiden pérangan I katja 66 lan 69).
  Serat Barata Joedha poenika dhédhé pertalan serat Maha Barata, paseksénipoen : serat Barata Joedha ingkang kanggé pasemon pakarti awon lan saé, para santananing Nata lan poenggawa, liripoen Nata sakalijan Pandawa lan Ngastina, sami nglenggahi wadjibing Naréndhra bér lila legawa ing boedhi, dhéné serat Maha Barata Nata kakalih ingkang kanggé pasemon, inggih Nata ing Ngastina ingkang kadhoenoengan pakarti angkara moerka.
  Kadhos sampoen samesthinipoen oetawi sampoen kinodhrat, mekaring sadhaja kagoenaning sawarnining bangsa sami dhaja-dhinajan saking satoenggal lan satoenggalipoen, inggih margi kagoenan poenika boten gadah watek kabangsan, nanging djagad ageng ingkang ndharbéni. :
  Wonten oegi ingkang mastani kalintoe oetawi kesasar, manawi bangsa Djawi ngadjengaken lan nglebetaken raos kagoenan djogéd sasaminipoen ing salebeting gesang babrajan, awit badé boten saged