Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

15


Kangdjeng Goesti Pangéran Adhipati Anom ingkang katletah nama bedaja oetawi srimpi djaler, ananging ing taoen 1914 kasowak.
  Beksan Troenadjaja poenika ing kinanipoen amoeng kanggé bilih pandjenengan Nata kagoengan dhamel mantoe. Bidalipoen saking Kraton dateng Kapatihan, inggih papan tapoeking dhamel mawi kairing gongsa lan ingkang sami dhadhos beksan sami noempak koedha kasongsongan soedijan sangking para bandhara pangeran toewin para boepati. Wiwit beksa djam woloe dhaloe, bibar djam tiga. Makaten oegi ingkang sami dhadhos beksan boten kénging nilar papan simpingan, liripoen boten kénging késah, kadhos dhéné simpingan ringgit watjoetjal wonten ing kelir. Ing samangké tatanan ingkang kadhos makaten waoe sampoen kasowak.
Ringgit tijang: ing Soerakarta kadapoek kalih warni.¹) Ingkang tjampoeran djaler éstri, liripoen ringgit djaler ingkang dhadhos djaler, ringgit éstri inggih estri²) Lan dapoekan ringgit tijang ingkang sami dhadhos tijang éstri sadkaja, kadhosta : langendhrija ing Mangkoenagaran toewin ringgit tijang gedog, Mardhigoena. Ing Kraton Ngajokjakarta kosokwangsoel, ingkang sami dhadhos ringgit djaler sadhaja, makaten oegi ing soewaoe kadhipatén Pakoealaman (ing samangké Pakoealaman ngagem dapoekan ringgit tjampoeran)). Ing samangké panganggénipoen ringgit tijang ing Soerakarta toewin Ngajogjakarta boten beédha, sami ngémba ringgit watjoetjal, (sadhéréngipoen djoemeneng dhalem Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoewoen ped djeng Soeltan ingkang kaping VIII ing Ngajogjakarta panganggénipoen ringgit tijang oedeng-oedengan)