Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

14

PANOETOEP KANTHI KATERANGAN.
  Ing ngriki perloe katerangaken soepadhos para maos saged gamblang amargi ing karangan poenika ritjikan ingkang alit-alit kadjarag boten kapratélakaken amrih boten anggedabjah.
  Djogéd bedaja oetawi srimpi kathah ingkang mastani ing kinanipoen amoeng kanggé perloening agami. Nanging pamanggih waoe dhéréng goemathok liripoen boten landesan pasaksén ingkang mitadhosi. Wawaton boekoe-boekoe dhamelanipoen para ahli kaboedhajan lan kagoenan kina (wetenschappelijke boeken), ing djaman Karaton Kaoeripan Kediri, Modjopahit lan Dhemak boten wonten ingkang njarijosaken bedaja oetawi srimpi, dhadhos djogéd waoe sampoen tjetha boten gandéng kalijan agami, liripoen amoeng kanggé pasamoewan ageng kapraboning Nata kadhos ingkang goemelar ing pradja Kadjawén ing samangke.
  Dhedheging djogéd bedaja oetawi srimpi sampoen moetjoek sanget lan sampoerna. (De bedojo of srimpi-danskunst heeft het hoogste peil van ontwikkeling bereikt door technische volmaakheid en smaak) lan sampoen misoewoer ing bawana ageng, mila boten anéh para nonah-nonah bongsa Eropah sami kapéntjoet sinaoe wonten ing pamoelangan djogéd Krida Beksa Wirama.
  Ing Karaton Ngajogjakarta laré-laré djaler oegi sami sinaoe djogéd bedaja oetawi srimpi lan kagebjagaken ing dhint-enftingalandhalem ttaoenan Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoewoen Kangdjeng Soeltan toewin