Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

16


Ringgit tijang topéng: lelangening kawoela padoesoenan (Volkstooneel) djogédhing ringgit sami ngémba djogéd Klana, mila inggih katingal senggoeh-senggoeh lan bérag. Dapoekaning lampah? ing ringgit saémper ing antawisipoen, tonil lan ringgit tijang, panganggénipoen oedeng-oedengan, dhéné ingkang sami dhadhos ringgit tijang djaler sadhaja, ingkang sami dhadhos goeroe djogéd lan ndapoek lampahan ingkang badé kagebjakaken ingkang kathah para dalang ing padoesoenan, nanging éman dhéné ing samangké ringgit tijang topéng ing padoesoenan waoe sirna, lan topéngipoen kathah ingkang sami kasadhé, ing samangké ingkang moelangaken djogéd topéng lan ndapoek lampah-lampahipoen pakempalan Krida Beksa Wirama.
Djogéd djéngkéng: dhoemoegi ing samangké dhéréng wijar tebanipoen, dhéréng soemebar sadjawining pradja Ngajogjakarta, kinten-kinten kamanah angél lan awrat, oetawi mila boten anengsemaken. Leresipoen langkoeng gampil lan énthéng katimbang kalijan djogéd ngadheg, paseksénipoen saben laré kampoeng ingkang sampoen naté ningali ringgit tijang, tamtoe ladjeng saged nindhakaken kalajan gampil. Dhéné awon saéning lelangen waoe, anengsemaken oetawi boten, manawi katanding kalijan ringgit tijang djogéd ngadheg, pantjén dhédhé tandingipoen. Amoeng kémawon kanggé kasoegihan oetawi pepaking kagoenan djagéd, boten kénging kalirwakaken, liripoen kedhah kadjagi gesangipoen.
  Djogéd tajoeb gampil lan bérag, margi boten katjetjang tatanan _djogéd lan gending. Amoeng kémawon