Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

13

rambah-rambah ngawontenaken pasamoewan ringgit tiiang Krida Beksa Wirama ing Ngajogjakarta, ingkang sampoen gadah pamoelangan djogéd lan naboeh gongsa, (djogéd srimpi oetawi bedaja, ringgit tijang lan topéng) kaparingan subsidie saking Karaton.
  Makaten oegi ing Soerakarta lan Ngajogjakarta sampoen wonten pamoelangan dalang, ingkang kahadhegaken dhéning pakempalan~pakempalan Radyapoestaka lan Abirada ingkang oegi tampi subsidie saking Karaton sarta nagari.
  Kadjawi toewoehing pakempalan-pakempalan, oegi ing Karaton Soerakarta lan Ngajogjakarta, Kadhipatén Pakoealaman lan Mangkoenagaran, sami katingal mempeng lan rosa anggénipoen sami toemandhang ngadjengaken kagoenan djogéd lan gongsa. Karaton Soetakarta kamadjenganipoen prakawis wiréng, saged kasoemerepan gebjagan wonten ing dhinten kongres sawarnining pakempalan ingkang ageng-ageng. Dhéné karaton Ngajogjakarta sampoen katingal tjetha kamadjenganipoen babagan ringgit tijang sarta beksan ingkang sampoen marambah-rambah kagebjagaken ageng-agengan ngantos tiga oetawi kawan dhinten teroesan. Kadhipatén Pakoealaman toewin Mangkoenagaran oegi boten ngoetjiwani. Kadjawi ringgit tijang lan wireng oegi djogéd srimpi kagatosaken.
  Madjelis lochoer Taman Siswa oegi boten poeroen kantoen, Wiwit ing taoen 1931 sampoen ngawontenaken pamoelangan djegéd bedaja lan srimpi, malah sampoen kagebjagaken nalika konperénsi ageng pagoeron taman Siswa wonten ing Ngajogjakarta kaping 17 December 1933.