Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

12

Radhen Toemenggoeng Poerwodhiningrat prijagoeng najaka ing Ngajogjakarta saged ndapoek djogéd djéngkéng, inggih ing samangké katelah nama langendhrija. Lantaran toentoenanipoen Kangdjeng Goesti Pangéran Adhipati Mangkoeboemi, mekaring langendhrija saged awoedjoed ringgit tijang djéngkéng, boten siwah kalijan ringgit tijang ingkang djogéd ngadheg. Saladjengipoen kathah para ageng ingkang sami kasengsem niroe, kadhosta: Semara Soepi lan Mondhra’ Wenara jasanipoen Kangdjeng Radhén Adhipati Dhanoeredja sarta Kangdjeng Pangéran Aria Adhipati Dhanoeredja ing Ngajogjakarta.
 Petjahing perang Eropah (1914—1918) dhamel sigeg adjenging kaboedhajan lan kagoenan. Ing Soerakarta lan Ngajogjakarta boten wonten walang ngasisik nijat manah ing bab poenapa kémawon.
  Saking dhaja prabawanipoen Java-Instituut, inggih poenika pakempalan ingkang nijat ngadjengaken kaboedhajan lan kagoenan Djawi, Madhoera lan Bali kaadhegaken kaping 4 Agoestoes 1919 (nalika kaping 5 Juli 1918 sadhéréngipoen angsal rechtpersoon sampoen ngawontenaken kongres ngrembag mekaring kaboedhajan Djawi). Ing Poendhi-poendhi panggénan toewoeh pakempalan-pakempalan ingkang sedhyanipoen kalebet pérangan wawengkon Java-Instituut, kadhosta: Sobokarti ing Semarang, ngadjengaken sawarnining kaboedhajan lan kagoenan, kabantoe Gemeenteraad Semarang, woedjoed subsidie lan sampoen gadah schouwburg pijambak.
  Mardhigoena toewin Kridamataja ing Soerakarta ngadjengaken djogéd lan naboeh gongsa sarta sampoen