Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

11

oegi Kangdjeng Pangéran Harja Boeminata salebetipoen tjetjongkrahan saged merlokaken pasamoewan bedaja lan srimpi.
  Bakdha Gijanti (13 Februari 1755) kagoenan djogéd lan wajang loelang katingal kamadjenganipoen. Ing wekdhal samanten katjarijos Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen Ngajogjakarta njoewoen goeroe djogéd lan panatah wajang loelang ing Ngarsa Dhalem Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen Soerakarta. Sampéjan Dhalem Kangdjeng Goesti Pangéran Adipati Anom ing Ngajogjakarta nalika martamoe dateng Soerakarta, wonten ing kadaton kasegah beksa tajoeb lan oegi toemoet mbeksa.
 Saja tjetha katingal mekaring kagoenan djogéd saged kasoemerepan wiwitipoen wonten beksan Troenadjaja ing Ngajogjakarta, sarta ringgit tijang ing Mangkoenegaran lan ing Ngajogjakarta, Dhéné dhedheging djogéd boten siwah kalijan ing djaman samangké. Makaten oegi pirantosing gamelan, dhadhos oepami katanding kalijan djaman Praboe Erlangga kadhos ingkang Sampoen koela atoeraken ing ngadjeng, saéstoe dhédhé empoet-empoetipoen.
 Sapengkeripoen Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen ingkang kaping I ing Ngajogjakarta taoen 1792, Sampejan Dhalem Ingkang Sinoehoen kaping II jasa bedaja semang, saémper kalijan bedaja ketawang ing SoeraKarta, ingkang katjarijos jasan Dhalem Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen Soeltan Agoeng.
 Antawisipoen 1822—1855 ing Ngajogjakarta lair beksan éthéng jasanipoen Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen kaping V. Salebetipoen taoen 1855—1913