Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„BURUHÉ BAPAKKU PIRANG-PIRANG PAḌA DUWÉ PANGAN KONGSI MUBRA-MUBRU, MANGKA AKU IKI TEKA TIWAS DÉNING KALIREN ANA ING KÉNÉ.”

sampéjan lilani nginḍakaken seserepan lan ndjembaraken pengalaman.”

Bapakné bandjur mandum barang darbèké marang anaké karo pisan, nanging satemené atiné banget trenjuhé ngrasakaké anaké sing nom. Généja anaké mau nganti téga ninggal bapakné; apa ora duwé katresnan marang wong tuwané? Apa botjah mau durung ngerti jèn djagad sing djembar iku kebak bebaja mantjawarna?

Anak sing nom mau bareng wis dipandumi bubuhané warisan, bandjur lega atiné, djalaran saiki bakal bisa ketekan apa sing wis suwé dadi iḍam-iḍamané. Ora antara suwé wong nonoman mau bandjur ngringkes sabarang darbèké kabèh, bandjur buḍal saka ing dalemé bapakné lelungan menjang ing tanah adoh. Kasusahané bapakné sing rumangsa kélangan anak wis ora dipikir babar pisan, sing digagas mung senengé atiné ḍéwé, djalaran bakal bisa ketutugan sakakarepané. Wah, saiba senengé bisa urip merdika, ora ana sing ngarubiru kakarepané, mangka ora perlu rekasa njambutgawé, djalaran wis ketunggon sanḍang pangan lan radjabrana mubra-mubru. Wah, saiba senengé!

Dadiné wong nonoman mau sida ninggal balé-omahé wong tuwané lan saduluré,lunga menjang ing negara adoh, lan sabarang darbèké pawèwèhé wong tuwané digawani kabèh. Saduluré lanang kari nunggoni bapakné sing wis tuwa. Wataké ora bjang-bjangan kaja aḍiné, luwih seneng manggon ana ing omah katimbang karo nglembara ing saparan-paran, ora gampang kepèntjut déning karaméaning donja. Atiné ajem baé ditinggal lunga aḍiné, djalaran wis ora kena dipirmakaké utawa ditjanḍet kakarepané. Nanging jèn ana botrépot utawa apesé sasuwéné ana ing paran, iku bonggané ḍéwé; jen leginé wis dirasakaké, paité ija adja dilepèh! Mengkono gagasané anak sing tuwa ing atasé aḍiné. Apa ta perluné mrihatinaké begdja-tjilakané wong lija? Rak luwih betjik ngénak-énak ana ngomah nunggoni banḍa tinggalané wong tuwa! Nanging satemené ḍasaring atiné ora kadunungan katresnan marang aḍiné, awit sing ditresnani, iku mung awaké ḍéwé!

Kosokbaliné bapakné, kembeng-kembeng eluhé nalika ngingetaké anaké buḍal saka ing omahé. Atiné kebak prihatin ngrasakaké, keprijé bakal kadadéjané mengko ana ing paran. O, muga-muga ginandjara slamet ing salaku-lakuné. Pangutjapé: „O, nggèr anakku, aku ora bakal lali ndongakaké kowé!” Semono geḍéning katresnané wong tuwa marang anaké!