Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

ANAK KANG MBLASAR

97

KOTJAPA satekané ing negara mantja, wong nonoman mau bandjur énggal ngetjakaké rantjanganing atiné, ngudja kakarepané. Saiki sapa sing arep ngalang-alangi? Wong tuwa lan saduluré, apadéné mitra karuhé sing lawas wis ora kotjap babar pisan. Djagad lan sakaéndahané kabèh gumelar ana ing ngarepé, ésṭané lumadi ing sakédah-sakérahé! Tangané mung kari kumlawé, mripaté mung kari kumeḍèp, sagrendjeting atiné bisa ketekan kabèh! Bawané wong isih enom, tur ketunggon ing banḍa akèh, uripé ing sadina-dina prasasat tjetjiblon ana ing kasenengan, Dajané banḍa bisa nekakaké mitra, mulané wong nonoman mau, senadjan wong mantja, éwadéné saḍéla baé wis rinubung sinuba-suba déning mitra pirang-pirang lanang lan wadon. Saben dina, wiwit bjar nganti rep lan wiwit rep nganti bjar manèh, ing omahé ora kenḍat ana bodjana andrawina, gilir gumanti sing paḍa teka: pasugatané mbanju mili, inum-inuman anggur prasasat mbludag tanpa ana peḍoté. Saiki ngarah apa manèh atiné, kabèh kakarepané wis ketutugan!

Wong nonoman mau saben dinané mung ngemataké enggoné mangun kasukan, ora tau njambutgawé utawa nglakoni panggaotan lijané. Apa ta perluné njambutgawé jèn sing disanḍang lan dipangan wis turah-turah? Banḍané diebrèh-ebrèh kagawé ngudja kakarepané; wetuning ḍuwité prasasat sumentoring banju padasan. Mulané ora nganti sepira lawasé ana ing tanah mantja kono, radja darbèké wong nonoman mau wis ḍaḍal, djalaran ora tau diedjogi. Laruding kasugihané ija ndjalari njenjeting omahé, awit pawong mitra sing mauné ora tau towong teka among suka, saiki wis ora tau ngaton manèh.

Senadjan saiki tumiba ing kamlaratan, wong nonoman mau isih duwé pangarep-arep olèh pitulungané pawong mitrané .... Nanging iba gelaning atiné, ora ana wong sidji baé sing gelem nulungi! Nalika isih ketunggon ing banḍa, wong nonoman mau disuba-suba lan diempèk-empèk, nanging bareng wis entèk banḍané, malah mung diwewada lan dipojoki!

Saiki wong nonoman mau rumangsa kepèpèt, wuwuh-wuwuh nalika barang-barang ing omahé wis entèk kabèh, ing tanah kono kambah ing pailan kang banget temah wong mau nganti nanḍang ketjingkrangan. Saking bangeté enggoné kepèpèt ing butuh, wong mau bandjur kelakon ngèngèr marang sawidjining wong tani, diwènèhi pagawéan angon babi menjang pategalané. Wong nonoman sing tekané ing tanah kono katon bagus kesembuh ing busana adi, sinuba-suba déning wong nonoman pepaḍané, saiki mung katon kaja kéré, pating srempal sanḍangané, ilang kabagusané kesasaban ing kokot-bolot, adoh saka pawong mitrané, nanging saben dina mung rinubung ing babi lan gendjik. Semono wong nonoman mau enggoné keplorod dradjaté.

Jèn weruh babi-babiné paḍa dibruki pakan, wong mau menḍekel atiné, djalaran kepéngin maregi wetengé nganggo pakaning babi, nanging ora ana sing mènèhi. Saking bangeting luwéné, wong mau sok ngrebut pakané babi, mung waton wetengé ana isiné pangan.

Kotjapa ing sawidjining dina wong nonoman mau pinudju nunggoni babiné ana ing pategalan. Awaké sajah lan luwé, sanḍangané wis ora arupa sanḍangan, pating srempal ora ana sing wutuh, apamanèh atiné prasasat adjur katempuh ing prihatin. Ing kono ing satengahing panggonan sing djembeg lan djember wong mau bandjur kélingan marang kanikmataning urip ana ing omahé wong tuwané bijèn, sanḍang pangan ora tau kurang, batur lanang wadon pirang-pirang, mangka saiki awaké ana ing tanah mantja mung dadi baturé wong lija! Katon gawang-gawangan tjeṭa ana ing batiné, nalika bapakné dipamiti ora bisa ngutjap apa-apa, nanging mung katja-katja mripaté déning seḍih. Suwé-suwé wong mau bandjur kelair ngutjapaké rasaning atiné: „Buruhé bapakku pirang-pirang paḍa duwé pangan kongsi mubra-mubru, mangka aku iki teka tiwas déning kaliren ana ing kéné. Aku dakngadeg bandjur mangkat, nemoni bapakku sarta matur: Ḍuh rama, kula sampun nglampahi dosa ḍumateng swarga tuwin wonten ing ngarsa sampéjan. Kula sampun boten pantes kawestanana putra sampéjan, mugi karengkuha kados berah sampéjan.”

Wong nonoman mau saiki wis tobat, wis ngrumangsani pamblasaré .... wis golong pikiré arep ngakoni kaluputané ana ing ngarepé bapakné. O, muga-muga bapakné rentaha welasé lan ngapura kaluputané. Atiné sing mauné peteng bjar dadi paḍang, djalaran tuwuh pangarep-arepé mentas saka ing kasangsaran lan ngrasakaké urip sing rada kepénak. Djagad ing tanah mantja sing bijèn katoné éndah gawé kepéntjuting atiné, saiki malih dadi blaḍeraning sangsara. Saiki wis ora ana papan panggonan lijané manèh sing bisa nengsemaké atiné kedjaba mung omahé bapakné kang ambek welasan. Ana ing tanah mantja awaké diwewada lan dipojoki, apadéné disija-sija, nanging ana ing omahé bapakné, senadjan mauné mblasar lakuné, éwasemono mesṭi bakal olèh kawelasan. Awit atiné isih duwé kajakinan, jèn bapakné ora bakal owah-owah katresnané. Ing kono anak sing