Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/94

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

ANAK KANG MBLASAR

95

ora tau ninggal wedusé. Sing dadi gegamané pangon iku teken lan bandil. Jèn ana wedusé sing misah saka ing pepantan, bandjur énggal disawat nganggo bandil, supaja bali manèh ana ing pepantan. Tekené sing gedé lan dawa kena dienggo nanggulangi kéwan galak sing wani neba ing tengah pepantan, ora pilih-pilih kéwané: asu adjag, bruwang utawa singa. Pangon kang utama iku wani ngetohaké njawané nglabuhi wedusé... .!

Jèn wis wajah soré, pepantané wedusé bandjur digiring menjang ing kandang. Jèn dalané rekasa lan adoh, tjempé sing durung kuwat mlaku déwé, dipanggul utawa dibopong. Bareng wis tekan ing ngarep lawang, pangon mau bandjur nelungaké tekené, wedusé baka sidji dikon mbrobos sangisoré tekené, dile- bokaké ing kandang karo diwilang. Jèn ana wedus sing tatu awaké marga kerèndèt-rèndèt ing eri utawa ketjotjog ing parang tjuri, tatuné bandjur dikopoh nganggo lenga supaja ilang perihé. Lan jèn ana wedus sing ketriwal, senadjan munga sidji, atiné pangon wis ngan- dut sedih lan kuwatir: pepantaning wedusé bandjur ditinggal, perlu nggolèki sing ketriwal nganti saketemuné, ora ngétung sajah lan rekasa; rerungkudan lan gegrumbulan kebak erilan bondot disasak, djurang tjerung dieduni, wedus sing ketriwal kudu nganti ketemu. Lan jèn wis ketemu, bandjur dipanggul klawan bungah. Saulihé bandjur nglumpukaké pra- sanakan lan tangga teparoné, pada dituturi mengkéné: ,,Pada gujubana enggonku bu- ngah-bungah, marga wedusku kang ketriwal saiki wis ketemu!” Mengkono pangrumaté , pangon kang utama marang wedus ngon- ngonané.

GUSTI Jésus pijambak wis naté ngandika: Aku iki djuru pangon kang utama. Djuru pangon kang utama iku ngetohaké njawané nglabuhi para wedus.” Wong-wong sing pada ngrungu pangandika mengkono mau wis pada njandak tegese: Gusti Jésus iku djuru pangon kang utama, déné pepantan wedus sing dadi ngon-ngonané iku para muridé sing tansah ndèrèkaké tindaké lan mung tansah ngarep-arep pitu- lungan saka Pandjenengané, kajadéné wedus- wedus sing mung tansah ndjagakaké pitu- lungané pangoné. Pandjenengané kang tansah ngreksa marang para muridé lan para wong sing pada pratjaja marang Pandjenengané, ing sawajah-wajah, rina lan wengi. Pandjene- ngané kang maringi katentreman ana ing atiné. Pandjenengané kang bakal nanggulangi mung- suh sinekti, jaiku Tblis sing tansah arep gawé tjilakané manusa. Pandjenengané kang bakal nglari nganti saketemuné samangsa ana kang ketriwal utawa kesasar lakuné, temah njing- kur marang Allah lan ndarung uripé sadjero- ning dosa, kaja patrapé pangon kang nggolèki wedusé samangsa ketriwal .... Lan keprijé samangsa wis ketemu? Ing omahé pangon mau ana kabungahan gedé. Mengkono uga ing swarga, ana ing ngarsané Allah, ija ana kabungahan. Pangandikané Gusti Jêsus: ,,Aku pitutur ing kowé: Kaja mengkono uga ing swarga bakal ana kabungahan tumrap wong dosa sidji kang mratobat ....”

Su katresnané Sang Djuru Slamet marang manusa iku tanpa upama gedéné. Dawuhé : “Aku iki djuru pangon kang utama.” Dawuh mau wis tjeta lan gamblang, kabèh wong wis pada ngerti. Nanging Pandjenengané isih ngandika: ,,Pangon kang utama iku ngeto- haké njawané nglabuhi wedusé!” 54

Apa ta kersané ngandika mengkono iku? Para murid lan wong-wong lijané pada durung bisa njandak tegesé.

Apa kira-kira Gusti Jésus bakal sida ngalami séda? Ngetohaké njawané nglabuhi para kagu- ngané? Apa ta gunané?

Rak luwih pantes jèn Pandjenengané. djume- neng Ratu, agung binatara lan sekti mandra guna, ngerèhaké sadjagad rat. Mengkono iku rak luwih betjik katimbang séda!

WONG-WONG mau pantjèn pada durung bisa njandak sing dadi kersané Gusti Jésus! Saiki durung!

ANAK KANG MBLASAR

ANA wong duwé anak lanang loro. Pang- rengkuhé marang anaké sing tuwa lan sing nom ora dibedakake, karoné pada ditres- nani banget. Botjah loro mau tansah ketju- kupan ing sakabutuhané kabèh, djalaran wong tuwané klebu wong sugih lan kadjèn kéringan. Anak sing nom duwé watak bosenan lan bjang-bjangan. Atiné sedih djalaran terus manggon ing Omah, saben dina pada baé, sing dipangan, sing disandang, senadjan ora kekurangan, nanging suwé-suwé mboseni, mangka ing sadjabaning omahé lan wilajahé désané djagad isih djembar gumelar mamè- raké kaéndahané. Atiné wis suwé gandrung- gandrung kegèndèng menjang djagading kara- méan.

 Ing sawidjining dina anak sing nom matur marang bapakné: ,,Rama, kula mugi. sam- péjan paringi panduman radjadarbé bebahan kula, djalaran badé kula angge kekésahan ndjadjah negari. Kula sampun boten kraos terus manggèn ing grija kémawon. Kula mugi