Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

RIJAJANING KABUNGAHAN DIPUNGKASI NGANGGO KASUSAHAN

89

wis tekan ing waktuné, kira-kira ora antara suwé sapungkuré rijaja Tantjebing tarub, — ing kono Gusti Jésus bakal nanḍang sangsara, uga mbeneri ana karaméan ana ing kuṭa Jerusalèm. Nanging saiki durung tekan ing waktuné, mulané Gusti Jésus ora was utawa sumelang, lan klawan tatag memulang ing ngarepé wong golongan. Kersané Allah Sang Rama kang ana ing swarga mesṭi bakal kaleksanan lan ora ana tumitah sing bisa ngowahi utawa ngalang-alangi.

Jèn disawang tata-lairé, Gusti Jésus katoné mung wong tjilik lan prasadja baé, mangka wani djumeneng ana ing tengahé wong Jahudi sing paḍa manganggo pamèran. Ewadéné ing sanjatané Gusti Jésus djumeneng ana ing kono ngagem pangwasaning Ratu, pangandika kang midjil saka ing tutuké mesṭi katampan ing kuping bablas tekan ing atiné wong, apadéné kawitjaksanan sing diḍawuhaké ora ana wong sing bisa mbantah utawa madoni.

Nanging ing salebeting galih Gusti Jésus ngembeng sungkawa, karana wong golongan, karana pokalé para wong ahli Torèt lan wong Farisi: wong-wong mau paḍa apal angger-angger tilarané nabi Musa lan paḍa rumangsa ngibadah ngabekti marang Allah, mulané paḍa kibir sumungah awit rumangsané wis pinter netepi surasaning angger-angger kabèh, mangka satemené wong-wong mau paḍa njimpang adoh saka ing ngarsané Allah djalaran atiné paḍa ora sumujud lan tresna marang Pandjenengané. Trenjuhing galihé Gusti Jésus ija karana nguningani kaanané wong golongan sing ubjang-ubjung nḍèrèkaké tindaké Gusti Jésus lan sing paḍa seneng rerasan bab kaélokan lan pakarjané, nanging atiné paḍa ndableg lan paḍa ora wanuh, adja manèh pratjaja marang Pandjenengané. Dalaning kaslametan wis kabuka tumrapé wong-wong mau, nanging émané wongé paḍa ora gelem ngambah ....

Wong-wong mau kabèh paḍa ora duwé kang kagawé njantosakaké atiné sing tansah ketar-ketir sumelang déning dosa. Mangka rawuhé Gusti Jésus iku mbirat dosané lan ngluwari wong-wong mau saka ing paukuman, temah paḍa bisa ngrasakaké karahajon ing donja lan ing achérat .... Nanging wong-wong mau paḍa nampik lan njatru Pandjenenganė.

Gusti Jésus wis rawuh ing djagad, nanging ora wanuh ing Pandjenengané.

KOTJAPA karaméan ing rijaja Tantjebing tarub isih dibandjuraké. Para imam paḍa ndjupuk banju saka ing blumbang padusan ing Siloam, bandjur diesokaké ing saḍuwuring misbjah, binarung ing suraké wong akèh.

Wong golongan ngulukaké kekidungan pamudji sokur marang Allah. Banju sing diesokaké ing misbjah ngélingaké Israèl marang lelakon ing djaman kuna, nalika Gusti Allah maringi banju para leluhur sarana banju kang mantjur saka ing parang.

Nalika iku Gusti Jésus bandjur nguwuh pangandikané: „Menawa ana wong kang ngelak, iku mareka ing Aku lan ngombéa!”

Wong sing pratjaja marang Djura Slamet, iku bakal olèh karahajon kaja upamané wong sing ngelak bandjur olèh banju. Wong sing mengkono iku olèh pitulungan ing salawas-lawasé.

Para ulama lan para imam, bareng ngrungu pangandika kang mengkono mau, bandjur paḍa muring-muring. Pangunandikané: „Wong iku medjanani temen nganti wani ngutjap kang mengkono.” Apa ora ana wong sing wani njepeng? Ana ing ngendi wongé sing paḍa pinatah njekel lan ngladèkaké wong Nasarèt iku? ....

ING dina wekasaning rijaja, ing palatarané padaleman sutji didèkèki damar sèwu, jèn bengi disumedi kabèh, urubé pating klentjar maḍangi wong akèh sing lagi paḍa olah kabungahan. Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika manèh marang wong akèh, ḍawuhé: „Aku iki pepaḍangé djagad; wong kang ngetut-buri Aku bakal ora lumaku ana ing pepeteng nanging nduwèni paḍanging urip.”

Damar sèwu sing paḍang kentjar-kentjar wusanané bakal sirep; kabungahan lan sukan-sukan iku anané ija mung seḍéla .... Nanging sapa sing paḍa pratjaja marang Gusti Jésus iku nduwèni kabungahan kang langgeng.

Pangandikané Gusti Jésus mengkono mau ndadèkaké para imam paḍa gregeten atiné. Wah, wani-waniné Rabbi saka Nasarèt iku muni mengkono. Mangka wong golongan paḍa ora mèngèng saka ing ngarsané, lan ngrungu kabèh kang diwulangaké ana ing eḍèngan, apadéné paḍa rerasan bab Pandjenengané. Jèn terus kaja mengkono kaanané, suwé-suwé wong golongan kèlu kabèh marang Guru anjaran iku, lan nglirwakaké para imam lan ulama lija-lijané. Para pangarepé wong Jahudi saiki mung paḍa takon-tinakon: „Ana ing ngendi ta wong-wong sing paḍa duwé bubuhan njekel lan ngladèkaké guru panasaran iku? Wong-wong sing digolèki mau, paḍa bali legèh sarta pada matur: „Salaminipun dèrèng naté wonten tijang ingkang witjanten kados tijang punika!” Senadjan ana krentegé wong-wong mau arep njekel Pandjenengané, nanging ora ana sidji baé kang nganti ngranggèh marang sarirané.

Ésuké para pangarepé wong Jahudi bandjur paḍa marek marang ngarsané Gusti Jésus arep saraséhan karo Pandjenengané. Gusti