Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

88

RIJAJANING KABUNGAHAN DIPUNGKASI NGANGGO KASUSAHAN

***

bang-kembang mantjawarna; ing sadalan-dalan wiwit ing djero kuṭa nganti tekan sadjabané kuṭa wong-wong paḍa ngedegaké tarub lan omah-omahan, direngga-rengga nganggo wohing kitri kang éndah-éndah, papahing kurma lan gegoḍongané wit kang ngrempajak. Nalika iku wong Israèl kabèh lagi paḍa ngrijajakaké rijaja Tantjebing tarub. Iki rijaja sing ramé lan geḍé ḍéwé tumrap bangsa Israèl. Pitung dina lawasé wong Israèl paḍa manggon ana ing tarubé ḍéwé-ḍéwé lan paḍa olah kabungahan. Rijaja mau dianakaké saben taun sepisan samangsa wis rampung enggoné paḍa ngunḍuhi pametuné bumi lan nglebokaké pametuning panutoné gandum lan pamipitané anggur lan lenga. Déné perluné rijaja mau supaja wong Israèl paḍa ngélingana jèn para leluhuré ing djaman kuna, sawisé dientasaké déning Allah saka ing tanah Mesir, paḍa nglembara ana ing ara-ara samun lan paḍa manggon ana ing tarub, apadéné paḍa ora duwé tanah pusaka lan ora duwé pametu gandum, anggur utawa lenga. Mulané bangsa Israèl kaḍawuhan bungah-bungah ana ing rijajané mau.

Nanging sing dadi pusering karaméan iku tinemu ing padaleman sutji. Ing kono wong Israèl paḍa saos kurban .... „Minangka saos panuwun sokur marang Allah!” udjaré wong akèh. Ing kono papan nglumpuké para imam, para ulama lan wong Farisi, jaiku djamhur-djamhuré bangsa Israèl. Udjaré wong akèh: „Wong-wong iku kalebu golongané wong peṭingan, unusaning bangsa, kang paḍa ngabdi ana ing ngarsané Allah!” .... Ing kono tempuké wong golongan saka désa ngadésa sing paḍa ambjuk ing padaleman sutji, perluné arep: njaosaké pangabektiné marang Allah, arep njuwun panglipur tumrap atiné sing kebak was sumelang déning dosané .... Mengkono udjaré wong akèh. Nanging apa iku mau kabèh njata mengkono?

KOTJAPA, wong golongan sing tanpa wilangan tjatjahé, ing semu paḍa nunggal karep lan nunggal rasa; kabèh paḍa takon: „Wongé ana ing ngendi? Apa Pandjenengané wis rawuh? ....”

Para pangarepé bangsa Jahudi sing paḍa ngedir-ediraké kapinteran lan kamursidané, ija paḍa nakokaké apa Gusti Jésus wis rawuh ing Jerusalèm. Nanging enggoné paḍa takon mengkono iku paḍa ngemu rasa geṭing. Tjoba, jèn wani mlebu ing kuṭa Jerusalèm, iku bebasan: kuṭuk marani sunduk; wis mesṭi Gusti Jésus bakal ditjepeng, lan jèn perlu disédani pisan, djalaran dianggep dadi guru panasaran.

Wong-wong Jahudi sing kawentar dadi umat kagungané Allah, sing djaréné paḍa ngibadah lan kadunungan kawitjaksanan, ... wong-wong iku paḍa geṭing marang Putrané Allah.

Ing antarané wong golongan akèh kang paḍa ngrasani Gusti Jésus, pangutjapé: „Iku wong betjik!” Nanging ana uga kang duwé udjar mengkéné: „Ora, malah nasaraké wong golongan.” Nanging enggoné paḍa nglairaké rasaning atiné iku ora wani ngeblak, waniné mung paḍa bisik-bisik, djalaran kabèh paḍa wedi marang para pangarepé wong Jahudi. Malah akèh uga kang paḍa rerasan jèn tuwa-tuwaning padaleman sutji wis paḍa njebar mata-mata sing paḍa momor-sambu karo wong golongan, paḍa kabubuhan njepeng marang Gusti Jésus samangsa wani mlebu ing kuṭa Jerusalèm, lan jèn bangga, paḍa diḍawuhi ngrampungi pisan.

Wong-wong sing asalé saka ing tanah Galiléa utawa wilajah lijané, ija paḍa takon-tinakon: „Wongé ana ing ngendi?” Mangka wong-wong mau paḍa ora ngerti pasang-gelaré para pangarepé wong Jahudi enggoné paḍa ngarah njédani Gusti Jésus. Wong-wong mau enggoné paḍa takon-tinakon mung marga saka kepénginé weruh kaélokan lan ngrungu pangandikané Gusti Jésus. Mengkono uga ana wong sawetara sing paḍa takon-tinakon kaja wong lija-lijané, nanging enggoné takon mau marga saka geḍéning katresnané marang Gusti lan Guruné kang djumeneng Djuru Slameté. Mèh saben wong ing kuṭa Jerusalèm paḍa ngutjap-ngrasani Gusti Jésus, ana sing ala, ana uga sing betjik.

Bareng wis nengahi rijaja, Gusti Jésus rawuh in Jerusalèm, terus minggah menjang ing padaleman sutji, bandjur memulang.

Memulang ana ing padaleman sutji? .... Apa Gusti Jésus kaduk wani kurang deduga? Apa ora pirsa jèn kasugengané diantjam déning sagolongané wong Jahudi sing paḍa ngenḍem sengit? Apa ora sumelang jèn dilimpé temah dipradjaja déning satru? Apa ora pirsa jèn para ulama lan para imam iku geḍé pangaruh lan pangwasané lan jèn wong golongan iku wataké mung èla-èlu baé? ....

Ing kono Gusti Jésus klawan tatag djumeneng ana ing tengahé wong akèh sarta memulang. Wong-wong sing paḍa kepéngin ngrungu piwulangé, bandjur paḍa ngangseg madju njelaki Gusti Jésus, Rabbi weton Nasarèt. Gusti Jésus ora kekilapan mungguh kang dadi rerasanané wong golongan, malah ija pirsa apa sing dadi gémbolané atiné, éwadéné Gusti Jésus ora kagungan rasa kuwatir babar pisan. Djalaran ora ana wong sing bisa nggepok Pandjenengané samangsa durung tekan ing waktuné. Ing sadjeroné rijaja Tantjebing tarub Gusti Jésus durung tekan ing waktuné masrahaké sarirané. Nanging ing tembé jèn