Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

WONG LIMANG ÈWU DITJAḌONG

75

dièngeti babar pisan, mengkono panjanané para sekabat. Undjuké marang Gusti Jésus: „Tijang-tijang punika mugi sami Tuwan lilani mundur, supados sami késaha ḍateng ing ḍusun-ḍusun ingkang tjelak tumbas roti, djalaran sami boten gaḍah ingkang kateda.” Nanging para sekabat ora mikir, apa wong-wong mau paḍa sangu ḍuwit kanggo tuku roti. Wong-wong sing ketjingkrangan uripé ora dipikir bisané olèh pangan sarana apa, rumangsané para sekabat wis tjukup jèn ngèngetaké Gusti Jésus, djalaran ing semu Pandjenengané supé marang kabutuhané wong golongan.

Gusti Jésus bandjur mangsuli, pangandikané: „Kowé baé paḍa mènèhana mangan!” Lho, keprijé bisané mènèhi mangan wong semono kèhé? Sing paḍa anḍèr ana ing-ara-ara kono wetara wong limang èwu, durung kepétung wong wadon lan botjah-botjah. Nanging pangandikané Gusti Jésus mau kanggo ndadar keprijé panemuné para sekabat, sebab Gusti wis nguningani sadurungé apa sing bakal ditindakaké.

Ing kono undjuké Filippus, salah sawidjiné sekabat: „Senadjan kula sami késah ngupados roti, roti pengaos kalih atus dinar boten njekapi tijang semanten, murih sageda kawradinan njakeḍik.” Pangandikané Gusti Jésus: „Kowé duwé roti pira? Paḍa lungaa mriksa!” Sawisé dinjatakaké,sawidjining sekabaté Gusti, Andréas, bandjur mundjuk: „Punika wonten laré ingkang mbekta roti sair gangsal kalijan ulam loh kekalih, nanging punika nggawer, punapa kanggé tijang semanten kaṭahipun?” Gagasané Andréas: „Roti mung limang idji lan iwak loh loro jèn dipangan wong loro utawa telu baé durung karuwan maregi, apa manèh kanggo wong golongan semono kèhé! Betjiké Gusti énggal paring ḍawuh supaja wong-wong iku mulih menjang panggonané ḍéwé-ḍéwé. Nanging Gusti Jésus bandjur ngandika: „Prènèkna, tampakna ing Aku; wongé paḍa konen lungguh kepungan njèket-njèket ana ing pasuketan.” Para sekabat ora suwala manèh; bandjur paḍa nglakoni apa saḍawuhé Guruné. Bareng roti lan iwak mau wis kasaosaké, wong golongan bandjur paḍa dikon lungguh krompolan njèket utawa njatus ana ing pasuketan. Kebeneran banget déné papan ing kono djembar.

Nanging para sekabat durung bisa njanḍak apa sing dikersakaké déning Guruné. Apa roti karo iwak semono iku arep diagem njaḍongi wong sing tjatjahé pirang-pirang èwu kaé? Para sekabat ora wani mundjuk apa-apa, mung ngingetaké Guruné klawan pakéring.

Ing kono Gusti Jésus djumeneng ana ing pepunṭuk ingaḍep déning para sekabat lan sinawang déning wong golongan pirang-pirang èwu. Sawisé menḍet roti lima lan iwak loro mau, bandjur tumenga marang langit saos sokur marang Allah lan njuwunaké berkah, kaja patrapé sawidjining bapa kang ndedonga njuwun berkah sadurungé kembulan mangan karo anak-anaké. Roti lan iwak mau bandjur ditjuwil-tjuwil, sarta diparingaké marang para sekabat supaja kaladékna marang wong golongan, bandjur paḍa mangan nganti sawaregé. Mesṭi baé para sekabat ribut enggoné ngladeni wong semono kèhé nganti paḍa kawratanan kabéh. Durung tau ana lelakon sing kaja mengkono éloké, wong limang èwu pundjul paḍa ditjaḍongi mangan mung nganggo roti limang idji lan iwak loro. Para sekabat lan wong golongan paḍa ora bisa nduga iba sekti lan kwasané Guru lan Gustiné, lan iba élok lan muljané sing dadi Djuru Slameté! ... Mangka mauné para sekabat paḍa duwé panjana, jèn Gusti Jésus ora menggalih marang kabutuhané wong-wong sing paḍa kesajahan lan keluwèn, djebul saiki wong semono kèhé kabèh paḍa kapanduman tjaḍong sawaregé lan sidji baé ora ana sing keliwatan. Sawisé paḍa wareg, para sekabat isih wira-wiri mlaku nglumpukaké tjuwilan turahan, olèh rolas wakul kebak isi tjuwilan roti, jaiku sisané tjuwilan sing ora nganti kepangan. Roti mung limang idji lan iwak loro, bareng ditjuwil-tjuwil, kena dienggo njaḍongi wong limang èwu pundjul, mangka isih ana sisané rolas wakul kebak!

Wong golongan bareng wis paḍa ndeleng pratanḍa kaélokan kang ditindakaké Gusti Jésus mau, bandjur paḍa ngutjap: „Sanjata iku Kangdjeng Nabi kang rawuh ing djagad!”

Wong semono kèhé mau kabèh paḍa marem lan lega atiné, déné kaparingan nabi geḍé sing kagungan kasektèn lan pangwasa linuwih, mulané paḍa madju njelaki Gusti Jésus ....

Nanging Gusti Jésus pijambak malah katon sekel galihé nguningani pangangsegé wong golongan. Para sekabat ija ngétokaké gambiraning atiné kajadéné wong golongan, nanging iku mung muwuhi trenjuhing galihé. Keprijé ta nalaré?

Djalaran Gusti Jésus wis mirsa jèn wong golongan mau wis paḍa nunggal sedya mbojong Pandjenengané klawan peksa arep didjumenengaké ratu ing kuṭa Jerusalèm, ngerèhaké bangsa Israèl kabèh.

Pangrantaming atiné wong golongan iku mengkéné: „Pandjenengané iku linuwih ing kasektèné nganti bisa maringi pangan wong pirang-pirang èwu prasasat tanpa sarana; jèn mengkono Pandjenengané mesṭi kagungan pangwasa njingkiraké bupati Pilatus utawa radja Héroḍès dalah sawadyabalané kabèh, apadéné wong-wong lijané kang paḍa nandukaké pamisésa marang bangsa Israèl, lan