Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

74

WONG LIMANG ÈWU DITJADONG

***

pantjen ngéram-éramake, nanging tumrapé wong-wong mau ora maédahi apa-apa. Sing tansah dadi pikirané rak enggoné paḍa kèlangan babi sapanṭa geḍé sing paḍa mati ing segara. Pira baé kapitunané wong-wong mau marga tanahé dirawuhi Gusti Jésus! Wong-wong mau paḍa wedi marang Gusti Jésus; rawuhé ing kono dianggep mung bakal nekakaké karépotan lan kapitunan, mulané adreng panjuwuné supaja Gusti Jésus kersaa tindak saka ing kono.

Gusti Jésus ija tumuli djengkar .... O, wong ing tanah Gadara pantjèn bliwur pikiré, ketutupan déning banḍa kadonjan. Djalaran kélangan babi rong èwu, wong mau nampik karawuhan Gusti Jésus, banḍa kang ora kena dikerta-adji tjara lumrah. Dadiné wong-wong mau paḍa nampik musṭikaning peparing saka ing ngaluhur marang djagad, jaiku sih katresnané Gusti Jésus! Wis ana daulaté, ....!

Déné wong sing mauné kerandjingan, duwé panjuwun supaja diparengna nḍèrèk tindaké Gusti Jésus ing salawas-lawasé. Nanging Gusti Jésus ora marengaké, ḍawuhé: „Kowé muliha ketemu karo sanak lan kantjamu, paḍa tjritanana kaanané kaélokan kang ditandukaké déning Pangéran marang kowé, tuwin sih palimirmané marang kowé!”

Wong mau kaparingan bubuhan abot saka Gusti Jésus, kakersakaké njritakaké bab sih palimirmané Allah, marang sanak seduluré, malah ija marang wong-wong sing wis paḍa nampik Gusti Jésus. Bubuhan sing abot mau dilakoni klawan legawaning ati. Tanah Dékapolis didladjahi kabèh, lan wong ing kono pada ditjritani bab kaélokan kang wis tumanduk ing awaké lan bab sih palimirmané Allah, temahan paḍa kaéraman.

GUSTI Jésus lan para sekabat bareng wis minggah ing prau, bandjur mantjal menjang ing sabrang, bali manèh ing laladané tanah Kapernaum.

WONG LIMANG ÈWU DITJADONG

KATJARITA ing sawidjining dina Gusti Jésus karo para sekabaté nitih prau menjang ing sabrangé segara Galiléa murugi panggonan samun perlu arep nḍéwé. Ḍawuhé Gusti Jésus marang para sekabat: „Paḍa asoa seḍéla!” Mulané ḍawuh mengkono awit wong akèh paḍa lunga teka ana ing ngarsané Gusti Jésus nganti ora ngoberaké mangan.

Nanging enggoné paḍa nglungani wong golongan mau meksa ora olèh gawé. Bareng wis tekan ing sabrang, ing kono wong golongan wis anḍèr ngentèni rawuhé Gusti Jésus. Mulané mengkono, djalaran nalika paḍa mantjal menjang ing sabrang paḍa kaweruhan ing wong akéh. Wong-wong mau bandjur paḍa nututi metu ing ḍarat menjang ing papan sing dipurugi Gusti Jésus, nḍisiki rawuhé. Dadiné wong golongan mau saja suwé saja munḍak akéh, awit wong saka désa ngadésa paḍa gumridig lumaku bebarengan arep mapagaké rawuhé Gusti Jésus, kambi nggawa sanak seduluré sing paḍa nanḍang lelara warna-warna. Senadjan rekasa lakuné, nasak-nasak ing papan sing ora tau diambah, mangka pinudju panas gumemplang, éwadéné wong-wong mau ora ngétung sajah lan rekasaning laku, waton bisa marek ing ngarsané Gusti Jésus.

Mulané bareng prau titihané Gusti Jésus minggir, wong golongan wis paḍa ngentèni ana ing pesisir. Saka ing prau Gusti Jésus wis mirsa wong-wong sing wis paḍa mapan ngentèni lan mirsa uga lakuné wong pirang-pirang anglur-selur ora ana peḍoté marani ing panggonan kono. Senadjan wis tita jèn kersané arep paḍa ngaso ora sida kadumugèn, éwadéné Gusti Jésus babar pisan ora runtik ing panggalih, nanging malah trenjuh ing galih déning welas, awit wong-wong mau prasasat pepanṭan weḍus kang ora ana pangoné. Mulané Gusti Jésus kersa djumeneng Pangoné kang utama!

BARENG wis paḍa munggah ing ḍaratan, Gusti Jésus bandjur wiwit nindakaké pakarjané manèh. Wong golongan paḍa diwulangi pirang-pirang prakara sing magepokan karo Kratoné Allah, apadéné wong sing paḍa nanḍang lelara paḍa diwarasaké ... Lan sing paḍa marek njuwun pitulungan iku mung tansah teka lunga baé ora lèrèn-lèrèn. Lan ora ana wong sidji baé sing ditampik utawa ditunḍung legèh.

Wong golongan paḍa mindeng ngrungokaké piwulangé Gusti Jésus, nganti paḍa lali wajah, lali mangan, lali jèn mengko isih kudu bali mulih menjang panggonané ḍéwé-ḍéwé; pantjèn wong-wong mau wis lali samubarang — mung marga kasengsem ngrungokaké pangandikané Gusti Jésus.

Nanging bareng wajahé wis lingsir kulon, lan seḍéla manèh srengéngéné ngarepaké wajah tunggang gunung, para sekabat bandjur paḍa ora kepénak atiné. Apa Guruné supé temenan, jèn wajahé wis ngarepaké soré? Mangka wong golongan semono kèhé iku paḍa ora sangu pangan, lan upama nggawaa sangu, mesṭiné wis entèk dipangan. Apamanèh isih kudu diélingi, panggonan ing kono iku samun. Mulané para sekabat bandjur marek ngèngetaké Guruné. Sing tansah dipenggalih iku rak mung enggoné arep memulang lan mitulungi, nanging bab pangané wong-wong mau ora