Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
RADJABRANA KEPENḌEM ING BUMI

paḍa bisa ngrasakaké karahajon lan katentreman, kajadéné ragi sing wis mrasuk ana ing djladrèn glepung mau.

WAH, sapa sing ora kepéngin dadi ahli warisé Kraton Swarga, tetep dadi kagungané Gusti Jésus lan manggon bareng karo Pandjenengané ing salawas-lawasé? Sapa sing ora gelem tombok banḍa, malah tombok njawa pisan, murih bisané ngalami karahajon sing semono mulja lan luhuré?

Prakara iku ija dipangandikakaké Gusti Jésus marang para sekabaté klawan pasemon rong warna, jaiku pasemon radjabrana kepenḍem lan pasemon mutijara adi.

Tjritané mengkéné: ana wong nemu radjabrana kepenḍem ana ing lemah. Nanging sarèhning lemah iku dudu duwèké ḍéwé, mulané radjabrana mau bandjur disasabi ḍisik, awit rumangsa ora wenang ndjupuk radjabrana kang dadi darbèké wong lija. Awit saka kepénginé duwé radjabrana mau, bandjur lunga ngedoli sabarang darbèké kabèh, ḍuwit pepajoné ditukokaké palemahan mau, temah radjabrana sing kepenḍem ana ing kono ija bandjur kalebu dadi hak lan wewenangé.

Gusti Jésus ija njarijosaké: ana sudagar lunga arep kulak mutijara. Wong mau wis duwé mutijara apik-apik, nanging bareng mrangguli mutijara sidji sing luwih geḍe lan luwih akèh adjiné, bandjur lunga ngedoli sabarang darbèké kabèh kanggo tuku mutijara sing luwih geḍé lan luwih akèh adjiné mau.

Mengkono uga kaanané wong-wong sing paḍa kepéngin dadi kagungané Gusti Jésus, samangsa wis ngerti sepira geḍéning sih-katresnané marang manusa, bandjur paḍa ngedoli barang darbèké lan ngetjulaké kagunan sarta ngèlmuné, waton bisa nḍèrèk Gusti Jésus.

SAWISÉ Gusti Jésus mangandikakaké pasemon-pasemon mau, bandjur ndangu marang para sekabaté: „Kowé apa paḍa ngerti iku mau kabèh?” Wangsulané kang kadangu: „Inggih Gusti!”

KATEMPUH PRAHARA ANA ING SEGARA

SADINA muput Gusti Jésus nindakaké pakarjané memulang lan marasaké wong lara; wong golongan prasasat ora mingser saka ing ngarsané, ana sing mundjuk pitakon warna-warna, ana sing kuminter mabeni pangandikané. Mengkono uga Gusti Jésus ora