72
ING LALADANÈ TANAH GADARA
kekilapan mungguh wong-wong sing pada
njatru-batin marang Pandjenengané.
Mulané bareng wis wajah soré, Gusti Jésus bandjur kepéngin ngleremaké sarira, nilar wong golongan, bidal menjang panggonan sing sepi. Para sekabat didawuhi njadijakaké prau kanggo mantjal njabrang ing segara Galiléa. Pantjèn, jen Gusti Jésus ora tindak saka ing kono, wong golongan mangsa gelema bubaran ora!
Para sekabat bandjur pada mantjal klawan Gusti Jésus kang wis minggah ing prau, lan ana prau lijané manèh kang barengan lakuné.
Sarèhning sajah banget, Gusti Jésus bandjur mapan saré ana ing buritan ngagem kadjang sirah.
Nalika semono wajahé wis ngarepaké wengi lajaré kumrebet katempuh ing sumiliring angin, prauné angler lakuné, saja suwé saja adoh saka ing gegisik. Lintang-lintang abjor ing langit katon ajang-ajangané ana ing banju kaja ana ing katja benggala. Nanging kotjapa, ora antara suwé saka ing saduwuring pagu- nungan sing ngupengi segara Galiléa ana a- ngin gedé midid nempuh ing segara, saja suwé saja santer, temah segara sing wiwitané katon kimplah-kimplah, prasasat kaja dikebur, alun gegulungan ngebjuki prau nganti kaja mèh kelem-kelema. Para sekabat sing wis pada kulina ngambah segara, klawan tatag enggoné nglakokaké prauné.
Nalika semono Gusti Jésus isih étja saré,
Kaja-kaja Pandjenengané ora uninga bab ananing prahara kang bakal tumempuh ing prauné. Para sekabat ora ana sing wani mungu Gusti. Santering angin lan sumempjoking banju durung gawé mirising atiné para sekabat. Nanging” anginé ora padja-padja menda, malah saka ing pagunungan kaja-kaja ana prahara gedé tumurun nempuh segara, nganti prauné kombak-kombul kabuntjang ing alun. Para sekabat rumangsa kuwalahen njembadani krodaning angin lan banju. Mangka djume- guring ombak lan gumrubuging prahara ora ndjalari Gusti Jésus wungu. Senadjan wis tau- taté ngambah segara, wis bola-bali katempuh ing prahara, nanging sepisan iki para sekabat ketuwuhan rasa sumelang lan miris ndeleng gedéning alun lan santering prahara. Salawasé dadi djuru amèk iwak para sekabat durung tau menangi lelakon sing kaja mengkono, tjiptané ora lija mung bakal nemu tiwas!
Mangka Gusti Jésus isih étja saré baé! Kaja- kaja Pandjenengané ora pirsa jèn prauné katempuh ing prahara gedé kang mbebajani, Prauné kaebjukan banju saka kiwa Jan tengen nganti mèh kebak. Bareng wis kentèkan akal, para sekabat bandjur pada njelaki Gusti Jésus_ sarta mundjuk: ,,Duh Gusti, mugi tulung, kawula sami ketiwasan!” Gusti Jésus sanalika wungu.Pangagemanè mobat-mabit katempuh ing angin. Muntjrating banju sing ngebjuki ṗrau nelesi sarirané, nanging Gusti Jésus ora katon miris babar pisan.Gusti Jésus bandjur djumeneng rinubung ing para sekabat apinda radja sinatrija karo punakawan kinru-but ing bala danawa. Angin lan segara bandjur didukani,dahuwe:,, Menenga, dipantjed!" Ing sanalika iku uga temahan sirep dedep.
Déné para sekabat pada di ,,Jagéné kowé pada wedi ora duwé pangandel?”
Para sekabat mau pada mundur klawan wedi sarta banget kaébatan. Pangutjapé wong-wong mau: ,,saiba gedéné kasektèn lan pangwa. sané, déné dalah angin lan segara pada mbangunturut marang Pandjenengané!”” Para sekabat bandjur pada rumangsa apes lan nista ana ingarsané Guruné kang kwasa ngendakaké krodaning prahara lan segara.
Apadéné pada rumangsa kawirangan, .., déné kok pada wedi déning pangamuking angin lan banju, mangka Gusti ana ing te- ngahé. Senadjan Pandjenengané lagi saré, rak mesti kwasa ngreksa marang para kagungané, Jèn Gusti ana ing tengahé para sekabat, apa kelakon prauné nganti kèrem ing segara?
Saiki para sekabat wis pada ngerti keprijé kaanané Guruné: sing saré marga kesajahan, iku sipaté kamanusan sing diagem déning Gusti Jésus, nanging sing kwasa ndukani prahara lan segara iku sipaté Gusti Jésus kang djumeneng Putrané Allah, malah ija Allah pribadi.
Para sekabat enggoné pada njawang marang Guruné klawan adjrih-asih, apadéné pada gedé lan mongkog atiné kepareng ndèrêk Pan- djenengané
Sapungkuré lelakon mau, prauné angler baé lakuné ngambah segara sing anteng, anginé sumilir adjeg kaja-kaja njurung praunt daja-daja énggala tekan ing sabrang.
Para sekabat ora ana sing pada- guneman, durung mari enggoné pada kagawokan nju- murupi kaélokan sing mentas kelakon mau.
ING LALADANÈ TANAH GADARA
KATJARITA, sing pada andon laku ngam” bah ing segara Galiléa wis tekan EN sabrang ing laladané tanah Gadara. Wajahé isih ésuk umun-umun, isih sepi njênjet. Gusti Jésus lan para sekabate bandjur pada mentas saka ing prau, arep mbatjutaké tindaké Me njanging kuta, Lakuné saka ing pesisir menjang ing kuta ngliwati dalan ing sela-selané pun: tuk-puntuk gamping. Saben wong Ing LA gonan kono wis pada ngerti, jên dalané Tala