Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/69

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

70

PASEMON-PASEMON LIJANÉ

sakèhing pangandikané Allah, Wong-wong mau kelakon dadi para putra pilihane Allah temenan, Wong-wong mengkono iku kaupa- makaké kajadéné widji kang tumiba ana ing papan sing betjik, bandjur tukul lan metu wohé. Wong-wong mau pada dadi abdiné Allah kang setya tuhu, kang bisa ngetokaké wohing katresnan, sing sidji tikel satus, sidjiné tikel sewidak, sidjiné manèh tikel telung puluh.

KAJA mengkono iku maksudé tjarita pase- mon sing didawuhaké Gusti Jésus marang wong golongan bab djuru njebar kang metu njebar widji.

 PASEMON-PASEMON LIJANÉ

PRAKARA pirang-pirang bab Kratoné Swarga kang bakal dirawuhaké déning Gusti Jésus marang djagad, dipangandika- kaké marang para murid lan wong golongan klawan pasemon.

AKÈH wong sing pada ngaku jèn dadi ahli warisé Kraton Swarga, mangka satemené pada ora tresna marang Allah, nanging malah pada njatru marang Kratoné Allah. Senadjan mengkono, wong-wong mau isih pada dipa- rengaké lestari urip bareng karo wong-wong sing pada temen-temen dadi para putrané Allah, nganti tumeka ....

 Prakara sing gawat iki dipangandikakaké Gusti Jésus klawan pasemon: ,,suket parèn”. Pangandikané mengkéné:

 Ana wong sugih njebar widji betjik ing sawa- hé. Nanging bareng wajah sirep wong, satruné nekani, bandjur njebar widji suket parèn ing tengahé widji sing betjik; sarampunge ninda- kaké panggawéné sing tjidra mau, bandjur lunga .... Widji sing betjik tukul bareng karo widji suket; wiwitané katoné pada baé, nanging bareng mundak gedé lan wiwit ngandut woh, bandjur suketé parèn ija ketara uga. Batur- baturé wong sugih mau bareng weruh ana suket _parèn_ ing satengahé tanduran sing betjik, bandjur pada matur lan njuwun priksa marang bendarané; bareng pada diparingi wangsulan jèn iku panggawéné satru kang kumèrèn, aturé batur-batur mau: ,,Punapa karsa sampéjan kula sami tumandang nglem- pakaken?” Dawuhé bendarané: ,, Adja, eng- gonmu nglumpukaké suketé bokmenawa nga- tutaké kebedol tandurané sing betjik. Karebèn pada tuwuh bareng, nganti tumeka ing mangsa panèn; déné samangsa panèn, wong derep bakal dakpréntahi nglumpukaké suketé disik, bandjur dibentèli, tumuli kaobong, nanging gandumé kudu diklumpukaké ana ing lum- bungku.”

 Maksudé pasamon suket parèn mi ngandikakaké Gusti Jésus marang baté, Satru sing awatak kumèrèn lan iku satemené Iblis. Iblis iku tansa klinter njebar piala ana ing djaga tansah diintjer iku para manusa, putrané Allah. Nanging sasuwéné djagad wong sing betjik karo wong s pada urip bebarengan, nganti tumeka wekasaning djagad. Ing djaman wekasan, samangsa Gusti Jésus rawuh ngadili para wong kang urip karo kang mati, ing kono para wong ala kang diupamakaké kaja suket parèn bakal pada diklumpukaké lan diparingi paukuman langgeng. Nanging para wong be- tjik, jaiku para putrané Allah, kaparingan urip langgeng ana ing Kraton Swarga kang mulja.

 Ana manèh pangandikané Gusti Jésus ma- rang para sekabaté bab Kraton Swarga sing diupamakaké kaja ,,krakad” utawa djaring, lan maksudé ora béda karo pasemon ,,suket parèn”.,

 Pangandikané; Kraton Swarga iku upamané kaja krakad kang ditibakaké ing segara, nglum- pukaké warna-warna, Samangsa wis kebak, bandjur ditarik munggah ing gegisik; wongé bandjur pada milihi sing betjik-betjik sarta diwadahi, déné sing ora kanggo dibuwangi.

 Kaja mengkono bakal kaanané ing bésuk ing wekasané djaman; para malaékat bakal pada metu misahaké para wong ala saka ing te- ngahé para wong mursid.

ING sawidjining dina Gusti Jésus mangandi- kani para sekabaté, jèn sing pada gelem ngrungokaké lan ndèrèk Pandjenengané tja- tjahé durung akèh, lan jèn wiwitaning Kratoné Swarga iku tjilik, nanging selot suwé selot mundak gedé, nganti nelukaké sadjagad kabèh, apadéné tjatjahé wong sing pada dadi putrané Allah bakal dadi maèwu-èwu, malah majuta- juta.

 Gusti Jésus ndawuhaké pasemon bab widji sawi kang katibakaké ing bumi. Widji sawi iku pada-pada widji kalebu tjilik déwé, éwa- déné samangsa wis tuwuh, dadi gedé-gedé- ning djanganan, malah bisa dadi kekajon, nganti kasaba ing manuk. Kaja mengkono bakal kaanané Kraton Swarga, wiwitané tjilik, saja suwé saja mundak gedé.

MENGKONO uga Gusti Jésus ija ma- ngandikakaké pasemon bab ragi. Saben wong ngêrti panganggoné ragi. Ragi setitik, sing diulet karo djladrèn glepung telung taker, bisa ndajani djladrèn mau, nganti bisa melar lan mundak énak rasané. Mengkono uga bab pangandel marang Pandjenengané iku bisa mrasuk ing sanubariné wong, ndjalari uripé