Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

64

SESATRON

***

djubahé nganggo plipidan amba ing pinggir, nganggo tulisan bludiran peṭikan saka ajat-ajating Kitab Sutji, pamurihė supaja katona jèn wong mursid; nanging batiné adoh karo Gusti Allah. Lair lan batiné kosokbalèn bledjed!

Mangka Rabbi saka Nasarèt mau blak-blakan tanpa tèḍèng aling-aling enggoné mengkono iku! Lan apa sing dipangandikakaké kabèh dirungu lan digugu déning wong golongan. Sapa wongé sing ora kemropok jèn ngélingi enggoné dirèmèhaké mengkono iku? Wis wiwit djaman bijèn mula sing dadi guru lah paramparané saumat kabèh rak ija para Farisi lan para ulama ta, lan kok saiki paḍa kelaju ngetut-buri guru anjar, anak tukang kaju saka désa Nasarèt .... Senadjan guru anjar mau bisa nindakaké kaélokan warna-warna, lan senadjan tansah ditut-buri wong golongan, éwasemono para ngulama lan Farisi paḍa ora gelem kalah. Wong golongan kudu diarah bisané bali manèh ngrungokaké piwulangé, ngéstokaké pepatjak gawéané. Wong golongan kudu bisa nglirwakaké guru anjar mau, adja pisan-pisan bisa ngasoraké prabawané para pangarepé bangsa Jahudi.

MUNḌAK dina munḍak ndjering geṭingé wong-wong mau marang Gusti Jésus. Pira banggané wong sidji, kok arep wani ngajoni wong-wong sing wis ngentèk ngèlmuné. Wong golongan kudu bisa neksèni ḍéwé, jèn para ngulama mau luwih witjaksana lan luwih mursid katimbang karo Gusti Jésus. Mulané wiwit nalika semono bandjur paḍa tansah golèk ḍaḍakan enggoné arep njrékal lan mbantah Gusti Jésus. Nanging Gusti Jésus ora kèwuhan nandingi wong-wong mau, pasang gelar apa baé wis kapirsan ing sadurungé, mulané wong-wong mau tansah tuna-dungkap ing pangarahé, djalaran sanjatané Gusti Jésus iku ing seḍéngaha prakara ngungkuli wong-wong mau kabèh.

Jèn ngélingi enggoné wis bola-bali kebentus-bentus nglawan Gusti Jésus, atiné wong-wong mau banget seriké. Sakèhé rékadajané gagal, ora ana sidji baé sing makolèhi. Ora ana wong sing bisa nemokaké kaluputané Gusti Jésus.

Jèn wong-wong mau paḍa rerasan ḍéwé utawa guneman karo wong golongan, ora tau lali njatur Pandjenengané.

Wis tau Gusti Jêsus nimbali salah sawidjining djuru mupu béja kadadèkaké muridé, djenengé Mattéus, mangka ing antarané bangsa Jahudi sing djeneng djuru mupu béja iku ing endi-endi wis kelun alané .... Para wong Farisi nganggep tindak nisṭa jèn gelem sesrawungan karo djuru mupu béja utawa gelem teka ing omahé; nanging Gusti Jésus ora nganggo éwuh-pakéwuh rawuh ing omahé Mattéus mau lan ḍahar kembulan karo wong-wong panunggalané djuru mupu béja lijané .... Lelakon iku mau nganti suwé dadi kembang lambè ing atasè para wong Farisi; bebasan entèk amèk kurang golèk enggoné paḍa njatur lan ngrasani Gusti Jèsus, andèkna wong kaja mengkono arep ngaku-aku djumeneng Sang Mesih!

Nanging para wong Farisi mau ora mikir babar pisan, jèn Mattéus mau lila ninggal kasugihan lan kamuktèn bandjur nḍèrèk Gusti Jésus dadi wong mlarat, apamanèh ora ngélingi jèn Mattéus ninggal uripé sing lawas, sing kebak dosa, bandjur nḍèrèk Gusti Jésus supaja olèh karahajon kang langgeng. Kabegdjaning wong sing semono mau ora tau klebu ing nalar lan pikirané para wong Farisi ....

ING sawidjining dina .... pinudju dina Sabbat, Gusti Jésus tindak karo para sekabat nglangkungi paganduman. Sarèhné paḍa keluwèn, para sekabat bandjur njeṭuti wulèning gandum, sarta dipangan. Patrap mengkono iku konangan ing para wong Farisi. Miturut panemuné wong-wong mau, para sekabat wis nerak wewaler dina Sabbat, djalaran paḍa njeṭuti wewulèn gandum, dadi geḍé-tjilik paḍa nglakoni pagawéan, mangka nalika semono mbeneri dina Sabbat. Apamanèh Gusti Jésus ija ora ngélikaké utawa ndukani para sekabat. Semuné guru lan muridé paḍa baé enggoné ndjarag nerak wewaler dina Sabbat, mengkono panemuné para wong Farisi.

Ing dina Sabbat iku uga Gusti Jésus rawuh ing mesdjid; ing kono ana wong tjéko tangané sisih. Ḍawuhé Gusti Jésus marang wong tjéko mau: „Tanganmu aṭungna!” Sanalika wong mau bisa ngaṭungaké tangané, pulih waras paḍa kaja sisihé.

Para wong Farisi sing paḍa ana ing kono, bareng njumurupi Gusti Jésus marasaké wong lara ing dina Sabbat, bandjur paḍa rerasan: „Wong iku nglakoni pagawéan ing dina Sabbat, dadi njawijah marang dina Sabbat.” Wong-wong mau katoné kaja nesu, nanging satemené paḍa seneng, djalaran nemu dadakan nggugat marang Gusti Jésus. Wong akèh paḍa neksèni, jèn Gusti Jésus nindakaké padamelan ing dina Sabbat, dadiné nerak angger-angger.

Nanging Gusti Jésus ndangu wong-wong mau, apa wong sing weḍusé ketjemplung ing sumur ing dina Sabbat, ora énggal-énggal tumandang ngentas weḍusé. Kuwi rak ja djeneng njambutgawé ing dina Sabbat. Luwih manèh manusa, sing adjiné ngungkuli weḍus, apa ora kudu dipitulungi, senadjana