Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

SESATRON

63

Saiba enggoné tresna marang Gusti Jésus déné wis kepareng ngapura dosané sing tanpa upama geḍéné. Saiba bungahé atiné déné kaparingan tentrem rahaju ing salawas-lawasé.

SESATRON

SUGENGÉ Gusti Jésus ana ing donja iku satemené tansah kalimputan ing kaprihatinan. Pandjenengané nilar swarga kang sarwa éndah lan mulja, bandjur tumeḍak ing donja, ing lembah kasusahan, prihatin lan kasangsaran .... Luwih-luwih jèn Gusti Jésus maspadakaké wong-wong sing paḍa nanḍang lara, sing pitjak, bisu, lan buḍeg, sing lumpuh sing karandjingan ing ḍemit, lan samangsa Gusti Jésus mirsani was sumelang lan tintrim ana ing atiné manusa, ing kono Gusti mesṭi trenjuh galihé lan kamiwelasen, kaja-kaja sawernaning pananḍang mau karaos ana ing galihé pijambak lan kasarira ana ing sarirané.

Gusti Jésus ora kakilapan apa sing dadi nalar lan sebabé, iku ora lija mung marga saka dosané manusa. Mulané Gusti Jésus rawuh ing donja, sumedya ngontjataké manusa saka ing seḍéngaha pananḍang, djalaran saka geḍéning sihé.

Mangka pameteking sangsara ing atasé Gusti Jésus saja suwé saja munḍak mlinder ... Nanging ora ana wong sing ngerti lan nduga kaanan sing kaja mengkono iku.

Djalaran Pandjenengané pijambak kang bakal njanggi paukumaning dosané saumat kabèh, nganti tumeka ngalami séda, temah—ngolèhaké karahajon langgeng kanggo para wong kang pratjaja marang Pandjenengané.

Nanging sih katresnané Gusti Jésus kang semono geḍéné iku ora dingertèni ing wong.

Mulané sugengé Gusti Jésus ana ing donja iku tansah kalimputan ing kaprihatinan.

TANPA timbang geḍéné sih katresnan kang dilubèraké Gusti Jésus marang manusa, nanging ora ana wong sidji baé sing bisa males katresnan mau.

Lha keprijé kaanané wong golongan sing tansah nḍèrèkaké tindaké Gusti Jésus? ....

O, wong-wong mau tekané mung paḍa arep nonton tandangé Gusti Jésus; jèn bisa njumurupi anané kaélokan, bandjur paḍa bungah, keplok-keplok kaja patrapé wong nonton sulapan. Lan samangsa Gusti Jèsus mbeneri meḍar sabda, wong golongan ija paḍa seneng ngrungokaké, djalaran ḍawuh lan piwulangé Gusti iku tansah ngresepaké ati. Menjanga ing endi baé Gusti Jésus tansah diḍèrèkaké wong golongan .... Nanging satemené enggoné paḍa tansah kumantil lan kumawula karo Gusti Jésus iku wadiné mengkéné: wong-wong mau paḍa duwé pangarep-arep njumurupi Gusti Jésus ing tembé ngagem prabawa lan katijasané kang luwih ngébat-ébati jaiku merdikakaké bangsa Jahudi saka pangregemé bangsa Rum lan ndadèkaké bangsané pinundjul ing sadjagad.

Nanging kelakoné adoh banget sungsaté karo pangangen-angené wong golongan. Gusti Jésus ija wis uninga jèn tjaloné bakal ditinggal ing wong akèh, malah ditégakaké ing para muridé, bareng wong golongan paḍa ngerti jèn Gusti Jésus ora kersa nggajuh marang kamuktèn lan kawibawan kaja salumrahing ratu kadonjan, pilalah nanḍang sangsara lan nisṭa kaja wong prantéan sing bakal kaukum pati .... Wong-wong semono kèhé iku kena diwilang tjatjahé sing paḍa mantep lan setya nḍèrèk Pandjenengané. Lelakon sing mengkono iku Gusti wis pirsa sadurungé.

LAN keprijé pokalé para imam, wong Farisi lan para ulama? .... Wong-wong mau pada dadi pangarep, luwih witjaksana katimbang wong golongan lan kena diarani ahli mungguh ing kitab-kitab tilarané nabi Musa lan para nabi lijané. Pantjèné wong-wong mau paḍa bisa ngerti saka ing surasané Kitab, jèn Gusti Jésus iku kang djumeneng Sang Mesih.

Nanging wong-wong mau paḍa wangkot atiné.

Miturut panganggepé para ulama lan wong Farisi, tindaké Gusti Jésus iku wis luput saka mula-bukané, généja kok ora gelem njowani wong-wong mau sadurungé miwiti memulang lan ora njuwun wulang-wuruk lan pituduh marang wong kang paḍa luwih ngerti, apa manèh généja kok ora napak tilasé para wong sing wis misuwur kinatjèk ing kamursidan lan pangibadahé, lan généja kok ora gawé wewaler lan pepatjak tumrap saumat kabèh, kanggo muwuhi angger-angger gawéané nabi Musa, .... saupama mengkono tandang-grajangé Gusti Jésus nalika wiwitan, wis mesṭi Pandjenengané kinulawarga déning para djamhuré bangsa Jahudi mau.

Nanging saiki .... wong-wong mau malah paḍa sengit lan geṭing marang Gusti Jésus, Rabbi weton Nasarèt,

Apa sebabé? .... Sebab Gusti Jésus mung mangandikakaké apa njatané!

Kosokbaliné para wong Farisi lan para ulama mau kabèh paḍa lelamisan. Tindak-tanduké katoné pantjèn ngibadah lan mursid banget; angger-angger sakabèhé diéstokaké klawan tumemen; lungguhè ana ing mesdjid mesṭi ana ing ngarepan, kaja-kaja wis luwih tjeḍak menjang swarga pinaraké Allah; jen ndedonga paḍa adeg-adegan lan ana ing podjoking lelurung, sarta nganggo tembung lalahan pirang-pirang nganti dawanè ngaluk-aluk;