Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„EBÈNG TANGIA!”

golongan Pangudiné mung sawidji: njelaki Gusti Jésus, temah waras!

Wong wadon mau enggoné nanḍang lara wis rolas taun lawasé; ḍèk bijèn kalebu wong tjukup, nanging saiki wis entèk banḍané kanggo mertamba, nanging ora ana kang bisa marasaké. Ḍèk bijèn awaké waras lan rosa, nanging saiki kari lung-lit. Malah saiki larané saja nemen. Nanging jèn bisa kelakon njelaki Gusti Jésus, wis mesṭi mari larané!

Bareng wis bisa tjeḍak, bandjur marepeki marang Gusti Jésus saka ing wingking, tangané énggal-énggal mulung ndumuk gombjoking djubahé Gusti, lan sanalika iku uga larané mari. Awaké krasa seger, ana daja anjar lumebu ing otot-balungé, temah pulih kakuwatané lan waras manèh. Bareng wis krasa mari, bandjur arep njlimpet lunga. Lagi baé arep mingser, bandjur krungu Gusti Jésus ndangu para sekabaté: „Kang ndumuk Aku sapa?” Wong wadon mau, senadjan ora didangu, atiné kagèt banget, djalaran mauné ngira ora bakal kapirsan déning Gusti. Bareng kabèh paḍa meneng baé, Pétrus lan kantjané paḍa mundjuk klawan gumun: „Guru, tijang golongan djedjel sami nḍesek dumateng Tuwan mekaten, kok Tuwan ngantos ngandika: Kang ndumuk Aku sapa?” Nanging Gusti Jésus ngandika manèh: „Ana wong kang ndumuk Aku, awit Aku krasa ana daja kang metu saka ing Aku.” ....

Wong wadon mau bareng weruh jèn ora kena dikilapi, bandjur marek klawan gumeter, sumungkem ing ngarsané Gusti Jésus sarta mundjuk blaka ana ing ngarepané wong kabèh, jèn enggoné lara wis tetaunan, nanging saiki wis mari marga saka enggoné ndumuk djubahé Gusti Jésus ....

Gusti Jésus mirsa wong wadon mau klawan welas lan rena ing galih, déné semono geḍéné pangandelé, pangandikané: „Hé, enggèr, diénak atimu, pangandelmu kang mitulungi kowé. Mundura klawan tentrem rahaju lan birata lelaramu.”

Sadjroné isih ngandika, kesaru tekané kongkonan saka ing omahé Jairus. Bareng weruh wongé teka, Jairus wis entèk atiné, nemtokaké jèn wongé mau nggawa kabar ora betjik. Saja kuwur pikiré bareng ngrungu aturé wong mau: „Putra sampejan sampun ngadjal. Sampejan sampun ngribedi dateng Guru.” Wis mati .... Apa isih ana perluné ngaturi Gusti Jésus rawuh ing omahé? Saiki wis kasèp .... djenèh mau tindaké dienḍeg-enḍegi déning wong wadon sing ndumuk djubah. Saiki keprijé polahé Jairus? Apa mulih idjèn ngupakara sing wis ora ana? Atiné djuḍeg banget. Gusti Jésus mijarsa lan mirsa kabèh, bandjur njelaki Jairus sarta ngandika: „Adja maras, kumandela baé, temah botjahé bakal kapi-