Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

ANAKÉ JAIRUS

57

sing bisa nguripaké wong wis mati? Mengkono gagasané wong golongan.

Nanging mungguh Gusti Jésus keprijé? Pandjenengané ija mirsa wong pirang-pirang paḍa nguntapaké lajon, ija wis nguningani mbok ranḍa .... Gusti bareng mirsa ranḍa mau, luwih banget trenjuh galihé déning welas. Gusti Jésus bandjur njelaki mbok ranḍa, sarta ngandika: „Adja nangis!”

Keprijé, ora diparengaké nangis? Wong kabèh paḍa gumun; sing mikul banḍosa bandjur manḍeg; wong sing urun tangis paḍa meneng sanalika. Keprijé iki, apa wong kepatèn anaké ora pareng nangis?

Lan mbok ranḍa ḍéwé keprijé? Wong sing nḍawuhi adja nangis mau, ija durung tau tumon, malah ija ora ngerti apa sing diḍawuhaké. Sing dadi telenging atiné mung sawidji, jaiku: anaké sing ditresnani wis mati, mengko jèn wis rampung panguburé, bakal mulih idjèn, tjiptané mung bakal mati ngenes, awit wis peḍot gantilaning njawané. Mulané ija ora bisa njanḍak apa karepé dipenging enggoné nangisi anaké.

Ing kono Gusti Jésus bandjur marepeki ndemèk krenḍané, ḍawuhé: „Tolé, ḍawuhku: tangia!” Wong-wong sing paḍa ngrubung bandjur mundur sanalika, djalaran kang mati ndjenggèlèk, kaja patrapé wong sing mentas tangi turu. Sawisé linggih, mripaté mung tansah ngingetaké wong ing sakiwa-tengené, suwé-suwé bandjur bisa guneman, babar pisan ora ngetarani jèn mentas mati; mbok ranḍa ija njumurupi lelakon mau, weruh jèn anaké wis urip manèh, nanging ora bisa ngutjap apa-apa .... Anaké énggal dirangkul lan diambungi kambi nangis, nanging enggoné nangis saiki marga saka geḍéning kabungahané.

GUSTI Jésus bandjur mbatjutaké tindaké .. Wong golongan paḍa rebut ngarep enggoné arep nḍèrèkaké tindaké; wong-wong sing mentas paḍa nguntapaké lajon, dalah mbok ranḍa saanaké, lan wong sing paḍa urun tangis ora gelem kari, kabèh paḍa ngetut-wingking tindaké Gusti Jésus mlebu ing kuṭa Nain. Umjung swarané wong paḍa nggunem lelakon sing ngéram-éramaké mau, pangutjapé: „Ana nabi geḍé djumeneng ing antara kita, lan Allah nuwèni umaté!”

Kaélokan sing semono geḍéné durung tau kelakon ing tanah kono. Apa tumon, ana wong mati bisa urip manèh, mung marga diḍawuhi déning Gusti Jésus! Mangka ora ana wong sing ngaturi Gusti supaja mitulungi mbok ranḍa, djalaran pantjèn ora klebu ing nalar, jèn wong mati bisa urip manèh. Dadi wis tjeṭa, jèn enggoné Gusti Jésus maringi pitulungan mau mung marga kadereng déning geḍéning sih kawelasané marang wong, ora marga saka kepénginé oleh pangalembana. Nanging kabéh mau nenuntun marang kaluhurané Sang Rama kang ana ing swarga.

PAWARTA bab kaélokan mau bandjur kawelantrah marang satanah Judéa kabèh nganti tekan ing ngamantja.

ANAKÉ JAIRUS

KATJARITA Gusti Jésus rawuh manèh ing Kapernaum. Wong golongan bandjur énggal nampèni rawuhé, djalaran kabèh wis paḍa ngarep-arep. Lakuné wong prasasat ora kena ditata, awit kabèh-kabèh kepéngin njelaki Gusti Jésus. Nalika semono ana wong nḍesek madju njungkemi padané Gusti Jésus sarta mundjuk: „Ḍuh Gusti, mugi Tuwan kepareng rawuh ing grija kawula sareng kalijan kawula. Anak kawula èstri sakit sanget malah sampun mèh pedjah. Menawi Tuwan kersa rawuh saha numpangaken asta Tuwan, anak kawula mesṭi baḍé saras tumunten. Ḍuh Gusti, mugi Tuwan melasi anak kawula!”

Wong sing duwé atur panjuwun mengkono iku djenengé Jairus, lurahing mesdjid ing Kapernaum. Jairus wis wanuh karo Gusti Jésus, lan ngandel, jèn anaké wadon sing ontang-anting mesṭi bakal bisa waras manèh, waton Gusti Jésus kersa rawuh mitulungi. Mulané adreng panjuwuné: „Ḍuh Gusti, mugi kepareng rawuh!” ....

Gusti Jésus ija kepareng rawuh ing omahé, bandjur teḍak kaḍèrèkaké Jairus lan wong golongan. Lakuné wong djedjel rijel ora kena dipijak, nḍesek marang Gusti Jésus, pamurihé mung bisaa tjeḍak karo Pandjenengané.

Kotjapa, nalika semono ana wong wadon nḍresel ing tengahé wong golongan. Wong wadon mau katoné wis nékat, ora perduli diesuk-esuk ing wong akèh, nḍesek sarosané supaja bisa njelaki Gusti Jésus. Mangka polatané katon jèn nganḍut wedi lan isin. Éwasemono banget pangudiné njelaki Gusti, djalaran kepéngin nuruti grendjeting atiné. Waton bisa njelaki Gusti, awaké mesṭi kapitulungan, djalaran Gusti wis kwasa mitulungi wong pirang-pirang. Nanging sing dirasa ana ing atiné, ora nganti dilairaké ing tjangkemé; abot rasané jèn nganti ngundjukaké kang dadi perluné, mangka ana ing ngarepané wong akèh. Mulané osiking atiné mengkéné: „Aku ora perlu mundjuk apa-apa, waton aku bisa ndumuk djubah pangagemané Gusti, aku mesṭi pulih waras manèh!” Pangandel lan kamantepaning ati mengkono iku kang ndjalari wong mau ora ngétung kangèlan lan rekasa diesuk-esuk ing