Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

44

MBENERI DINA SABBAT ING NASARÈT

***

dadi anggur, wong lara paḍa diwarasaké tanpa djedjamu .... Mangka saiki Pandjenengané ana ing kuṭané, ing Nasarèt, wah, mbok ija kersa nindakaké kaélokan kaja ana ing kuṭa-kuṭa lijané. Mesṭiné baé ija kersa, saja manèh ana ing kuṭané ḍéwé, temah wong-wong tangga teparoné, mitra karuhé bakal paḍa bisa njipati ḍéwé.

Panjawangé wong-wong marang Gusti Jésus ngemu pangarep-arep bisaa ndeleng kaélokan lan mukdjidjat warna-warna.

Kotjapa sarampungé paḍa ndedonga lan matja angger-angger, bandjur paḍa bebarengan ngrerepi nganggo masmur. Gusti Jésus ija mèlu ngrerepi lumrah lan pasadja kaja adaté wong Israèl sing ngibadah, jèn paḍa memudji ngluhuraké Allah.

Nalika semono merboté mesdjid bandjur ndjupuk gulungan kitab, jaiku kitabé nabi Jesajah, sing kebener kudu diwatja ing dina Sabbat iku. Wong-wong wis wiwit paḍa pating klesik, pangutjapé: „Lah kaé, delengen!

Gusti Jésus bandjur tindak madjeng, minggah ing panggonan mimbar, jaiku panggonané para ulama jèn lagi memulang ana ing mesdjid, tumuli nampèni kitab saka tangané merbot, awit kersa maos. Gulungan kitab bandjur kauḍaran, lan madosi sing arep diwaos.

Wong-wong ing mesdjid kabèh paḍa siḍem permanem, ketungkul enggoné paḍa ngingetaké lan kepéngin ngrungokaké .... Kuwi rak mung anak tukang kaju! Wani-waniné arep matja kitab lan memulang!

Gusti Jésus bandjur miwiti maos, swarané kepénak dirungokaké, déné surasané kitab kang diwaos mengkéné:

„Rohé Pangéran ngajomi Ingsun, awitdéné Pangéran wus ndjebadi Ingsun, kaḍawuhan martakaké Indjil marang wong miskin, lan marasaké kang paḍa rempu atiné; kautus ngunḍangaké luwaré wong kang paḍa kinundjara, lan pulihing pandelengé wong pitjak, ngentasi wong kang paḍa kinaniaja, sarta ngunḍangaké djaman kang dadi keparengé Pangéran.”

Kitabé sawisé kagulung lan kabalèkaké marang merbot, Gusti Jésus bandjur pinarak arep memulang, kaja sing wis dadi adaté ing mesdjid.

Wong-wong saja munḍak siḍem permanem, kabèh paḍa ndjinggleng ngawasaké Gusti Jésus. Gagasané: Gèk apa baé sing arep diwulangaké? Surasané kitab sing mentas diwaos mau wis akèh sing paḍa ngerti; isiné pantjèn mbungahaké atiné saben wong sing paḍa ngrungu.

Kabèh paḍa rumangsa dadi wong miskin; wong lara ora kurang ing kuṭa kono; wong sing nandang susah, jaiku sing paḍa rempu atiné, lan manèh wong kang kinundjara, jaiku wong-wong kang kinundjara déning hawa-nepsu lan dosané ḍéwé, kinundjara déning pangwasané Sétan, o, wong-wong sing kaja mengkono ing Nasarèt ora ngujang, dalah ing mesdjid kono uga ana. Apadéné wong pitjak lan wong kang paḍa kinaniaja, jaiku wong kang paḍa kontjatan kabegdjan lan wis rumangsa kaineban lawang tobat, sing atiné tansah ketir-ketir lan was sumelang, o, wong sing kaja mengkono ija prasasat tanpa wilangan. Mangka wong-wong mau bakal paḍa kaparingan menangi djaman kang dadi keparengé Pangéran. Samangsa djaman mau wis timbul, bakal kelakon apa sing kawetjakaké déning nabi: wong lara paḍa diwarasaké, wong kinundjara diluwari, ringkesé kabèh bakal ngalami kabegdjan! .... Nanging .... kapan tekané djaman mau?

Djaman mau bakal timbul bareng lan rawuhé Sang Mesih kang djumeneng Panebus .... nanging gèk bésuk apa?

Wong-wong mau paḍa ngemen-emenaké enggoné arep ngrungokaké. Panjawangé marang Gusti Jésus bebasan keḍèp tesmak.

Apa baé sing arep diweḍaraké déning anaké Jusup tukang kaju iku?

Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika:

„Ing samengko tulisan iku mau wus kajektènan ing pangrungumu.”

Wong kabèh paḍa kaéraman déning aruming pangandika kang mijos saka ing tutuké Gusti Jésus, atiné marem, malah kaja-kaja wis ngrasakaké djaman kabegdjan sing diḍawuhaké ing kitab. Apa saiki timbulé djaman kabegdjan mau? Ing dina iku uga?

Lha Sang Mesih, sapa sing djumeneng Sang Mesih? Apa anaké tukang kaju kuwi sing djumeneng Sang Mesih? Éndahnéja jèn njata mengkono!

Pitembungan sing diutjapaké mau pantjèn ngéram-éramaké banget, lan isiné njata gawé reseping ati. Nanging jèn ḍéwèké ngaku dadi Sang Mesih, kang djumeneng Panebus, utusané Allah, wah, sapa sing arep ngandel? Sapa sing ora wanuh anaké Jusup tukang kaju? Kabèh wong ing kuṭa Nasarèt paḍa ngerti tjilikané, wanuh ibuné, dalah sedulur-seduluré sing djeneng Jakobus, lan Josès, sarta Simon apadéné Judas lan seduluré wadon .... Anggep-anggepan temen wani ngaku dadi Sang Mesih!

GUSTI Jésus pijambak ora kekilapan mungguh osiking atiné wong mau kabèh. Sing paḍa diarep-arep ora lija mung bisaa weruh pratanḍa lan mukdjidjat kaja sing wis ditindakaké Gusti Jésus ana ing Kanah utawa Jerusalèm, awit wis paḍa ngrungu kabaré. Nanging pratjaja lan tresna marang Pandjenengané kang djumeneng Djuru Slamet, sing