MBENERI DINA SABBAT ING KAPERNAUM 45
kaja mengkono mau babar pisan ora kenalar Satemené atiné wong-wong mau gumédé lan
kuminter, mokal jèn gelema sowan ing ngarsané lan njuwun pangapuraning dosané,
apadéné katentreman tumrap ing atiné kang
tansah ngandut was sumelang. Panganggepè marang Gusti Jésus isih adjeg baé kaja marang anaké Jusup, dadi kaja marang wong
pepadané malah bisa uga sor-sorané, djalaran
sepira ta dradjaté tukang kaju?
Bareng Gusti Jésus mungkasi pangandikané, pitembungané kang arum ngresepaké kaworan rasa sedih lan ngungun, djalaran ngèngeti kaanané wong-wong mau; tangga teparo lan mitra karuhé, sing beneré dadi pangarep enggoné pada pratjaja lan tresna marang Pandjenengané, malah bakal dadi pamburi.
Wekasané Gusti Jésus ngandika: ,,Satemené pituturku ing kowé, kang djeneng nabi iku ora ana kang kadjèn ana ing negarané déwé.” Malah Gusti Jésus mangandikakaké lelakoné nabi-nabi ing djaman kuna, kajata: nabi Élijah, kang diutus déning Allah marani wong randa kapir ing Sarepta bawahé Sidon, nalika satanah kabèh ketaman ing pailan gedé. Nabi Élijah kautus nemoni randa kapir ing tanah mantja, mangka ing tanahé déwé ora kurang- kurang randa sing miskin lan butuh pitulu- ngan. Mengkono uga lelakoné Naaman, wong Aram, panggedéné wadyabala Kapir, sing nandang Jara saraat. Birating nadjisé mau ija marga déning pitulungané nabi Elisak, mangka ing tanahé déwé akèh kang pada nandang lara saraat, nanging ora ana sing dibirat nadjisé.
Bareng ngrungu pangandika kang isi pame- lèh mau, wong samesdjid dadi pada panas atiné, suwé-suwé kemropok. Kok medjanani temen anaké tukang kaju iki! Pitembungané saja suwé saja njlekit jèn dirasakaké.
Apa disengguh jèn bangsa kapir” bakal ngluwihi adjiné bangsa Israèl? Kebangeten temen ta enggoné ngéwak-éwakaké! Apa dinjana, jèn Sang Mesih, samangsa WIS rawuh, bakal nampik wong-wong Jahudi Nasarèt, nanging nampèni wong-wong lija, wong kapir lan wong mantja?
Bareng wis pada ora kuwat ngampet nep- suné, wong samesdjid kabèh bandjur mak-njat ngadeg, Gusti Jésus ditempuh bareng, sakè- hing pakéring lan pangadji-adji sirna sanali- ka. Gusti Jésus bandjur dilarak metu saka ing mesdjid menjang sadjabaning negara, kadab- jang menjang ing tampingé gunung; nijaté arep didjorogaké marang djulegan, temah adjur kuwandané! Wis pantes jèn wong sing wani- wani ngaku dadi Sang Mesih kapatrapana ukum pati.
NANGING .... semuné Gusti Jésus manut baé didedabjang wong golongan. Ewadé-né pangarahé wong-wong sing pada ambek angkara mau ora bisa kelakon. Ora kok margaGusti Jĕsus ngagem genining bledèg kadawuhan njamber wong golongan mau, utawa nandukakè wong-wong mau,nanging Gusti Jésus meksa oran kelakon tiwas,djalaran durung tumeka waktunė Gusti Jésus nandang apes.
Gusti Jésus mung nratas ing tengahé wong golongan, bandjur ontjat. Embuh apa Sing Kelakon nalika semono, wong-wong mau pada ora ngerti, nanging weruh-weruh Gusti Jêsus wia oran ana ing tengahe manèh. Kaja-kaja ana daja prabawa sing metu saka sarirané Gusti Jésus, sing ndjalari wong-wong mau mrutjut panjekelé.
Gusti Jésus bandjur tedak, tanpa ngandika apa-apa manèh.
Wong golongan mau mung pada mlenggong kaéraman njumurupi lelakon iku. Saiki lagi pada ngerti, jèn lelakon iku ija kalebu kaé- lokan, kaja sing dadi pangarep-arepé, nanging émané, kaélokan mau ndjalari wong-wong mau pada kapisahaké saka ing patunggalané Gusti Jésus sing rawuhé arep paring pitu- lungan.
Wong-wong mau pada nampik peparing sing ngluwihi adjiné radjabrana ing sadjagad kabèh, djalaran wis nampik marang Sang Djuru Panebus.
Lah mengkono iku olèh-olèhané wong pinter,nanging keblinger!
MBENERI DINA SABBAT ING KAPERNAUM
KATJARITA mbeneri dina Sabbat manèh, Gusti Jésus ana ing kuta Kapernaum, kuta tjilik, nanging ramé, ing sapinggiré segara Galiléa.
Bijèn, nalika Gusti Jésus ana ing kuta Jeru- salèm, kuta sutjiné bangsa Israèl, Pandjene- ngané wis ngalami disatru déning wong Jahudi, sing pada rumangsa luwih luhur lan luwih ngibadah; ing kono Pandjenengané wis mi- reng swara pangantjam lan gegetingan, mula- né Gusti Jésus tedak saka ing kuta kono.
Satedaké saka Jerusalèm, bandjur rawuh ing Nasarèt, kuta kang didalemi wiwit nalika isih timur. Djebul wong-wong ing kono, tangga teparoné lan mitra karuhé, kabèh pada njatru, malah arep ngarah sédané; mèh baé Pandjenengané didjorogaké ing djulegan .... Mulané Gusti Jêsus linggar saka ing Nasarèt.
Saiki Pandjenengané rawuh ing Kapernaum kuta padunungané Jochanan lan Andréas lan Simon Pétrus, sekabaté Gusti Jésus.
Pinudju dina Sabbat, Gusti Jésus rawuh