Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

MBENERI DINA SABBAT ING NASARÈT

43

djukaké marang Gusti Jésus. Ḍawuh wangsulané Gusti Jésus: „Iku ija Aku iki, kang lagi sapotjapan karo kowé.”

Ora njana, ora ndimpé, jèn Prija iki Sang Mesih! Mangka mau dikira satruné. Wong wadon mau enggoné njawang Gusti Jésus klawan gumun lan isin banget, nanging atiné kebak kabungahan geḍé. Wong wadon mau ngandel lan pratjaja .... Ing sanalika iku uga wong wadon mau bandjur ninggal klenṭingé, lan ora merduli para sekabat sing mentas paḍa teka, bandjur énggal-énggal bali menjang ing kuṭa, saben wong sing kepeṭuk paḍa dikandani: Mara paḍa mèlua ndeleng wong kang ngwetjakaké marang aku apa salelakonku kabèh. Apa ija kirané iku Sang Kristus, ija Sang Mesih kang pinasṭi rawuh?" Wong wadon mau ora bosen-bosen enggoné njaritakaké lelakoné ana ing belik, lan meksa-meksa wong akèh paḍa diadjak marek bareng karo ḍèwèké, awit kabungahan geḍé kang tumama ana ing atiné iku rak ora mung kanggo awaké ḍéwé; wong-wong lijané ija dipurih mèlu ngrasakaké kabungahan.

SALUNGANÉ wong wadon mau, Gusti Jésus kari bareng karo para sekabat. Kabèh paḍa gumun déné Gusti Jésus teka imbal pangandika karo wong wadon Samaria. Éwadéné ora ana sing wani mundjuk apa-apa.

Roti olèh-olèhé saka kuṭa bandjur paḍa diladèkaké, lan Gusti diaturi ḍahar, nanging Gusti ora karsa ḍahar, kaja-kaja wis ora mbetahaké ḍahar manèh. Para sekabat mung paḍa éram.

Satemené para sakabat mau paḍa durung ngerti marang kawontenané Gusti Jésus. Pandjenengané kang maha asih, senadjan sarirané nanḍang sajah, ngelak lan ngelih, djalaran sarirané kang asipat badan waḍag ija kadunungan apes kajadéné awaké manusa lija-lijané, bareng nguningani ana wong kang perlu kaparingan pitulungan, malah perlu kaluwaran saka ing dajaning dosa, bandjur kasowanaké marek ing ngarsané Allah, ing kono rasa sajah, ngelak lan ngelih sirna sanalika. Kang dadi ḍaharé ija iku enggoné nglampahi karsané Sang Rama lan ngrampungaké ajahané.

Mangka sing perlu dipitulungi iku mung wong wadon Samaria. Nanging sadjatiné rawuhé iku ora ngemungaké kanggo mitulungi bangsa Jahudi baé; sadéngah bangsa lan saben wong senadjan sepira geḍéning dosané, angger paḍa kaduwung lan paḍa gelem ngrungokaké pangandikané, mesṭi bakal paḍa dipitulungi slamet.

ORA antara suwé, lah brol-brolan wetuné wong Samaria, lanang wadon, nom tuwa, saka ing djero kuṭa, marani panggonan lenggahé Gusti Jésus. Kabèh paḍa kepéngin weruh lan njawang marang Pandjenengané. Kabèh paḍa ngrungokaké lan nggatèkaké marang pangandikané, sarta atiné paḍa kepranan déning piwulangé .... Wong Samaria mau ora ana sing kelingan jèn Pandjenengané iku wong Jahudi, lali jèn satruné wong Samaria. Sing paḍa dipendeng mung Sang Mesih sing wis ngédja-wantah lan lagi medar sabda, temah akèh wong Samaria sing pratjaja marang Gusti Jésus.

Kang iku wong Samaria bandjur paḍa duwé atur panjuwun marang Gusti Jésus, muga karsaa lereb ana ing kuṭané, lan maringi pangandika lan piwulang marang tunggal bangsané.

Gusti Jésus ora nampik panjuwunan mau, tumuli lereb ana ing kono nganti rong dina, ing kuṭa Sichar, ing tengahé wong-wong Samaria sing dadi satruné bebujutan wong Jahudi. Nanging ana ing ngarsané Gusti Jésus, sapa sing isih mikir bab sesatron lan sesengitan?

Samangsa Gusti Jésus biḍal manèh saka panggonan kono, keprijé? Ora ana sing bisa ngétung pira tjatjahé wong sing paḍa mandjing pratjaja, sing paḍa tresna lan sumujud marang Gusti Jésus lan nemu karahajon.

Sing bisa nguningani ija mung Pandjenengané pijambak, lan Sang Rama ing swarga, kang tansah diéstokaké ḍawuhé lan dirampungaké ajahané.

MBENERI DINA SABBAT ING NASARÈT

KATJARITA mbeneri dina Sabbat ing kuṭa Nasarèt lakuné wong ndilir, pinangkané saka ing endi-endi, kabèh paḍa nunggal sedya menjang ing mesdjid, menjang ing dalem pamudjané Pangéran. Ing kono paḍa arep bebarengan karo pangareping mesdjid ngundjukaké pandonga, sarta ngrepèkaké kekidungan pamudji, apadéné ngrungokaké pamatjaning angger-anggeré nabi Musa lan kitabé para Nabi. Kaja mengkono iku pakulinane wong-wong ing kono saben dina Sabbat.

Nanging nalika semono ....

„Tjoba titènana, ” udjaré wong sawenèh, „saiki Jésus ija teka, kaé ta Jésus, anaké Jusup tukang kaju!” Kabèh bandjur paḍa mèngo ndeleng menjang panggonan pinaraké Gusti Jésus. Wis ana sawetara sasi Gusti Jésus nilar kuṭa Nasarèt, nanging saiki wangsul manèh. Pawarta manéka warna bandjur kawentar ing saindengé djadjahan kono kabèh. Ana kang njritakaké jèn Pandjenengané ana ing bawahan manton ing désa Kanah malihaké banju