Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/177

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAUL MERTOBAT

177

enggoné teka ing Damaskus wis ora dipikir, maneh, lajang pangwasa saka imam agung saiki wis tanpa teges, sedyané enggoné arep ngglanḍang wong-wong Kristen saka Damaskus menjang Jerusalèm, larud kaja kukus kabur ing angin, mengkono uga rasa sengit lan geṭing wis sirna saka ing atiné. Telung dina telung bengi Saul ora metu-metu saka ing kamar. Djagad ing sakiwa-tengené ora katon ana ing mripate. Saul wis ora bisa ndeleng apa-apa sing ana ing djaba, nanging malah sangsaja tjeṭa enggoné ngungak ing sadjroning atiné sing kebak piala .... Saiki Saul mung bisa njenjuwun lan ndedonga, ngèling-èling sing wis kelakon lan ngangen-angen apa sing arep dilakoni. Atiné banget enggoné gegetun, déné lakuné kesasar adoh saka ing dalan sing bener, mulané sing disesuwun rina lan wengi muga kaparingana pangapura ing atasé sakèhing kaluputané.

Lan nalika semono sadjroning wahju Saul weruh ana wong tuwa mlebu ing kamaré, bandjur numpangi tangan, temahan bisa ndeleng manèh .... Nanging iku mung wahju dadi katoné kaja ing sadjroné ngimpi, éwadéné kena diarani sasmita peparingé Gusti Jésus djalaran bareng wis olèh telung dina enggoné mempen ana ing kamar, Saul kaḍajohan wong tuwa temenan.... Wong mau aran Ananias, kalebu muridé Gusti Jésus sing setya. Tekané mrono ḍasar kautus déning Gustiné, ḍawuhé Gusti ing sadjroné wahju: „Ngadega, menjanga ing lurung kang aran Lurung Kentjeng, ana ing omahé Judas takokna wong kang djeneng Saul, wong ing Tarsus, awit wong iku lagi ndedonga.”

Ananias bandjur mangkat ngéstokaké ḍawuh. Wiwitané Ananias kuwatir banget, djalaran wis ngrungu warta jèn Saul iku wong sing nguja-uja para kagungané Gusti Jésus, nanging bareng diparingi pirsa mungguh karsané Gusti ingatasé Saul mau, was sumelanging atiné sirna sanalika.

Ananias bandjur mlebu ing kamar panggonané Saul; sawisé ditumpangi tangan, Saul bandjur dipituturi: „Saul, sedulur, aku diutus déning Gusti, ija Jésus kang ngetingal marang kowé ana ing dalan kang mentas koambah, supaja kowé bisaa ndeleng manèh lan kapandjingana Roh Sutji.” Lan sakal ana kang rupané kaja sisik runtuh saka mripaté, bandjur bisa ndeleng manèh, bisa njawang Ananias, utusané Gusti Jésus, bisa weruh paḍangé srengéngé, bisa tumenga menjang langit pinangkané tjahja sing mblerengi mripaté, ija padalemané Jésus Nasarani, sing saiki disebut Gusti lan Djuru Slameté. Saiki atiné wis kapenuhan ing katentreman sing tansah diupaja klawan ngetog kakuwatan. Satruné Gusti Jésus sing saguh numpes para kagungané, saiki wis ditelukaké, malah didadèkaké murid sing setya-tuhu, — langgeng tumeka ing delahan.

Nalika iku uga Saul bandjur kabaptis.

KATJARITA, ora antara lawas, pinudju wajah wengi, nalika kuṭa Damaskus wis sepi njenjet ora ana kumliweré wong liwat, ing sawidjining omah sing dumunung ing saḍuwuring baluwarti, ana klesak-klesiké wong sawetara paḍa nanḍangi pagawéan sing njalawadi; djenḍéla sing ngungak ing sadjabané baluwarti wis dibukak, saka ing kono ana brondjong geḍé diuḍunaké alon-alon nganti tekan ing lemah. Bareng wong sing ana ing brondjong mau wis muḍun, brondjongé bandjur diunggahaké manèh, lan djenḍélané dikantjing. Wong sing diuḍunaké nganggo brondjong mau .... Saul!

Mangkaté menjang Damaskus dadi tetinḍihe wong sikep gegaman sabregada, nanging enggoné ninggal kuṭa Damaskus kajadéné wong minggat.

Keprijé nalaré dadi mengkono?

Kotjapa para wong Farisi sing paḍa manggon ing Damaskus, ngrungu warta, jèn Saul, sing dadi agul-agulé para imam pinitaja njirnakaké sakèhé para muridé Jésus Nasarani, saiki djebul malah teluk lan katut marang pihak satru, kabaré wis dibaptis lan mandjing dadi panunggalané wong Kristen, malah memulang ana ing masdjid jèn Jésus Nasarani iku kang djumeneng Putrané Allah, ija kang djumeneng Sang Mesih. Bareng mengkono kadadéjané, wis mesṭi baé golongané para wong Farisi nepsu banget lan ngantjam-antjam arep njirnakaké Saul. Rina-wengi wong-wong mau paḍa ndjagani lawang sekèṭèng, supaja Saul adja nganti bisa ontjat saka Damaskus, temah gampang disirnakaké. Saul wis tjidra ing djandji lan mbléndjani kasaguhané, mulané kudu disirnakaké! Saul kudu dipatèni!

Nanging marga saka rékadajané para murid lan wong Kristen panunggalané, Saul bisa ontjat saka ing bebaja, metu saka kuṭa Damaskus klawan slamet.

Saul pinidji déning Gusti, dikersakaké dadi Rasul. Saiki Saul durung ngerti bubuhan apa sing diparingaké Gusti ana ing punḍaké. Sing wis tjeṭa saiki jaiku jèn atiné bisa ngrasakake katentreman lan kaajeman, lan peparing sing wis ditampa ana ing atiné iku bakal ditularaké marang angger wong sing gelem nampani ... Bokmenawa isih akeh wong sing kliru pamawasé marang Gusti Jésus, kajadéné Saul ḍéwé bijèn nalika atiné kebak pangantjam-antjam marang para muridé Jésus Nasarani. Saiki Saul arep martakaké marang djagad bab geḍéning sih katresnané Gusti Jésus nganti