Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/176

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„TUWAN PUNIKA SINTEN, GUSTI?”

anjar, lan seḍéla baé .... bebasan suwé midjet wohing ranti.

Lakuné Saul wis ora adoh manèh saka kuṭa Damaskus, saka kadohan katon putih keṭap-keṭap. Lakuné digelak daja-daja énggal tekan ing kuṭa, lan mesṭi ora bakal mlèsèt saka peṭèké, mulihé saka kana bakal nggawa banḍangan lan bebandan akèh, apadéné atiné bakal ngrasakaké ajem lan tentrem, déné bisa ngundjukaké darma-bekti semono geḍéné marang Allahé ....

NANGING sasuwéné mlaku, dumadakan bareng wis tjeḍak ing Damaskus, Saul dalah kanṭiné katjlérétan ing tjahja saka ing langit. Marga saka kagèté Saul niba ing bumi, mripaté merem awit ora tahan ndeleng pepaḍang sing nggegirisi, tangané kumlawé kaja-kaja arep nangkis sing nempuh awaké .... Ing kono bandjur ana swara, pinangkané saka ing langit, mangandikani Saul mengkéné: „Saul, Saul, jagéné teka sira nguja-uja marang Ingsun?” Sapa sing ngandika mengkono iku? Sapa sing rawuh mawa tjahja gumebjar? Kakendelan lan gambirané Saul larud sanalika, bandjur mundjuk: „Tuwan punika sinten, Gusti?” Ing kono Saul bandjur kaparingan wangsulan, tjeṭa pangrunguné Saul, pangandikané swara mau: „Ingsun iki Jésus kang sira kuja-kuja. Rekasa sira njépak angkus!” Awaké sakodjur gumeter tanpa daja. Sing ngandika iku Jésus Nasarani! Apa njata Pandjenengané iku pinarak ana ing swarga, ana ing langit ḍuwur, kaja sing dikanḍakaké Stéfanus nalika semana? .... Jèn mengkono rak tjilaka awaké! Saiki Saul wis dipeṭukaké satruné sing diintjim-intjim, mangka Saul rumangsa jèn wis kasoran daja prabawa. Atiné wedi banget kaworan getun, déné kumawani ngajoni marang Jésus Nasarani sing kagungan pangwasa mengku swarga lan bumi, mulané undjuké kaja patrapé wong sing pasrah pati-urip, mengkéné: „Gusti kawula Tuwan karsakaken nglampahi punapa?” Pangandikané Gusti Jésus: „Ngadega, lumebua ing negara, nuli sira bakal diḍawuhi apa kang perlu sira lakoni.” Sawisé mengkono, tjahja mau ilang, lan swarané ora keprungu manèh. Wong-wong kanṭiné Saul mung paḍa ndjenger, marga ija ngrungu swara, nanging ora weruh sapa-sapaa. Saul bandjur ngadeg manèh, gragap-gragap kaja wong pitjak, senadjan mripaté melèk, nanging ora katon apa-apa. Bandjur dikanṭi tangané déning wong kanṭine, katuntun menjang ing Damaskus. Ana ing kana Saul bandjur monḍok ing omahé tepungané. Telung dina telung bengi Saul ora metu-metu saka ing kamar, mripaté adjeg ora bisa ndedeleng, lan nglakoni tirakat ora mangan ora ngombé .... Perluné sing wigati