Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/171

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

PRIJAGUNG ÉTIOPI

171

betjik lan mesṭi bakal katarimah ing ngarsané Allah. Saul geṭing banget karo Jésus Nasarani, lan dianggep mungsuhé. Enggoné arep nglairaké darma-bektine marang Allah jaiku sarana nindakaké panguja-uja marang golongané wong Kristen. Kasaguhané mau ditampani déning para imam klawan bungah.

Wiwit nalika semono golongané wong sing paḍa pratjaja lan nḍèrèk marang Gusti Jésus ngalami panguja-uja lan paninḍes kang banget.

BARENG wis wajah soré .... Ing sadjabaning negara ana wong lanang sawetara paḍa mbréngkali tumpukan watu sing ninḍihi lajoné Stéfanus. Bareng wis rampung enggoné ngulesi lajonė Stéfanus bandjur digotong menjang ing pakuburan, dipetak ana ing kono klawan ditangisi kang banget. Wong-wong mau paḍa mitrané Stéfanus, ija wong Kristen panunggalané para murid. Wong-wong mau paḍa katon seḍih djalaran kélangan mitra, nanging sadjatiné ija bungah .... Stéfanus, mitrané, enggoné ngadjal mawa patrap kang utama, jaiku ing sadjeroné nglakoni ajahané Gustiné, Stéfanus diparengaké mati sahid, jaiku mati neksèni Djuru Slameté, enggoné nganḍemi Gustiné nganti ditohi pati.

Ana ing endi saiki Stéfanus? ... Sing gumléṭak ana ing lemah kuṭah getih, iku mung badan waḍagé Stéfanus. Déné njawané wis sumengka menjang swarga, menjang ing kamuljan kang langgeng, sowan ana ing ngarsané Gustiné, sing dideleng saka ing bumi, nalika swarga binuka, katon tjeṭa djumeneng ana ing tengené Allah Sang Rama, kaja lagi nganti-anti pisowané abdi kang setya-tuhu.

Gusti Jésus wis naté ngandika marang para sekabat, mengkéné: „Ana ing donja kowé bakal paḍa nemu sangsara. Nanging paḍa ditatag. Aku iki wus ngalahaké donja ....”

Wong-wong mau paḍa tumenga menḍuwur, ngawasaké langit, ana ing kana dunungé swarga dalemé Gustiné kang asipat setya-tuhu, kang ora bakal nilar para kagungané.

Lan mripaté katon sumringah, nélakaké ajem lan tentrem ing atiné.

PRIJAGUNG ÈTIOPI

KATJARITA ana ing dalan sing sepi lan samun, dalan saka Jerusalèm ngliwati Hebron muḍun andjog ing Gaza, terusané ngener menjang ing tanah Mesir, ana ing dalan mau katon arak-arakané kafilah sing lakuné arep menjang tanah Mesir. Sing mlaku ing ngarep lan ing buri wong sabregada paḍa sikep gegaman kanggo ngwékani drigamaning dalan, déné sing ana ing tengah prijagung nitih kréta. Jèn ndeleng kréta dalah pangiringé, prijagung mau wong sugih lan kadjèn kéringan. Jèn nitik agem-agemané, prijagung mau dudu wong Jahudi utawa wong Rum. Pinangkané saka ing tanah Étiopi, prijagung punggawané Kandaké, ratu èstri bangsa Étiopi, kang dipitaja mengku radjabranané kabéh.

Nalika semono prijagung mau lagi baé kondur saka Jerusalèm. Enggoné tindak menjang Jerusalèm iku arep sembahjang ana ing padaleman sutji, saos pangabekti marang Allahé bangsa Israèl, murih olèha katentreman lan karahajon lair lan batin.

Djalaran prijagung mau, senadjan sugih singgih lan kadjèn kéringan ana ing negarané, atiné ora bisa ngrasakaké kaajeman lan katentreman, lan déwa sesembahané bangsané ora bisa gawé mareming atiné ....Saréhné kepéngin njatakaké pawarta sing wis dirungu bab kasekten lan pangwasané Allahé wong Israèl, mulané keraja-raja lunga saka ing negarané menjang Jerusalèm, ora ngètung adoh lan rekasané ana ing dalan, paḍa kaja lelakon pirang-pirang atus taun kepungkur nalika ratu èstri ing Sèba tindak menjang Jerusalèm nuwèni Sang Prabu Suleman.

Sakonduré saka Jerusalèm keprijé? .... Akèh sing ditingali lan akèh sing ditilingaké, nanging katentreman lan kaajemaning ati sing diudi, ora tinemu ing padaleman sutji utawa ing pasrawungané karo para ulama lan ahli kitab sing kalok kamursidan lan pangibadahé. Éwadéné sarèhné isih kentjeng pangudiné murih unḍaking sesurupané mungguh ing Allahé wong Israèl, prijagung Étiopi mau merlokaké munḍut kitab, kaampil kondur menjang ing tanahé .... Kitab mau kitab pameḍaré wangsit nabi Jesajah, wudjudé gulungan kitab sing ditulis nganggo tangan, mula larang regané, nanging prijagung mau ora ngéman ḍuwit, awit pantjén sugih.

Ing sasuwené nitih kréta, prijagung mau wiwit matja kitabé, djalaran kepéngin banget ngerti lan waruh marang Allah sing ditakokaké ana ing atiné. Nanging keprijé bisané arep ngerti surasaning kitab sing ditulis ing basa mantja lan isiné ngemot pameḍaré wangsit nabi ing djaman kuna? Kitab mau didjinggleng lan diwatja bola-bali, nanging meksa ora bisa njanḍak eliding pangandika sing katulis ana ing kono. Uniné mengkéné: „Kaja weḍus enggoné katuntun menjang ing pasembelèhan, lan kaja tjempé kang ora njuwara ana ing ngarepé kang mbaṭili, mengkono enggoné ora mbikak laṭi.”

Sapa sing ditjritakaké mengkono iku? .... Semuné nabi Jesajah ngandikakaké bab sawidjining prija sing kudu nanḍang sangsara krana bangsané, lan kudu njangga paukuman