Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/170

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

170

STÉFANUS

***

djaman kuna paḍa nguja-uja para nabi, lan para utusané Allah paḍa disédani, malah para ulama mentas baé paḍa njalib Putrané Allah, ija Jésus Nasarani, kajadéné durdjana. Wusanané Stéfanus nguwuh seru: „Èh bangsa ingkang wangkot, ingkang ikutan ing manah sarta ing kuping, sampéjan tansah sami mbangkang ḍumateng Roh Sutji kadosdéné para leluhur djengandika!”

Bareng mengkono ....

Bareng para ulama paḍa ngrungu pitutur lan pamelèh sing peḍes mengkono mau, bandjur paḍa gregeten lan wringuten, banget pangigit-igité marang Stéfanus, paḍa geget-geget untu lan ngepel-ngepel biṭi kaja arep nubruk-nubruka marang Stéfanus, lali jèn paḍa lenggah ana ing pradata, upama bisaa Stéfanus wis didjuwing-djuwing.

Weruh mungsuhé kroḍa mangkrak mengkono iku, Stéfanus ora ngeḍap atiné lan ora gigrig babar pisan, katon ajem lan tatag, malah katon sumèh polatané kaja lagi ngrasakaké kabungahan geḍé, bareng tumenga manḍuwur, sing katon dudu epjané padaleman sutji utawa langit biru .... Stéfanus diparengaké njawang kamuljané Allah lan Jésus djumeneng ana ing tengené Allah.

Stéfanus njawang marang Gustiné sing djumeneng ana ing kamuljan, bungahing atiné ora kena kinira-kira, lali jèn lagi dirubung ing mungsuh, bebasan kinepung wakul binaja mangap, sing katon ana ing mripaté mung Gustiné sing ngasta pangadilan luhur lan bakal rawuh ngadili sarupaning tumitah. Ing kono pangutjapé Stéfanus: „Lah, aku ndeleng swarga menga lan Putrané manusa djumeneng ana ing tengené Allah.

Para imam lan para ulama paḍa ngrungu tembung mau .... Jésus Nasarani, sing paḍa disalib, apa saiki wis ana ing swarga lan malah djumeneng ing tengené Allah? Udjaré wong-wong mau: „Mokal!”, bandjur paḍa nguwuh-uwuh seru lan nutupi kupingé supaja adja nganti ngrungu djeneng Jésus manèh-manèh. Wusanané wong-wong mau regedeg madju bebarengan nubruk Stéfanus, bandjur diglanḍang kabuwang menjang sadjabané negara, arep dibenturi watu. Wong sing wani njenjamah marang Allah dalah pasutjené, iku kudu kaukum pati.

BARENG tekan ing sajabané negara, Stéfanus bandjur dibenturi watu. Wong-wong sing paḍa diopahi déning para imam, iku sing miwiti tumandang mbenturi. Stéfanus dikrutugi watu wong pirang-pirang, watuné geḍé-geḍé, ana sing ngenani sirah, ana sing ngenani ḍaḍa, awaké sakodjur biru èrem pating penjonjo, wekasané Stéfanus ambruk disuraki wong akèh, nanging tangané ngapurantjang, mripaté tumenga menḍuwur, njawang marang Gustiné, sing ora bakal nilar senadjan kinalang-kalang ing bebaja pati.

Ndeleng patrapé Stéfanus mengkono, saja munḍak wringuten tandangé wong Jahudi, para imam, para ulama, para wong Farisi lan para pinituwa, pada tjantjut lan tjutjul djubah, arep mèlu mbenturi watu.

Ing tjeḍak kono ana wong nonoman sing nampani djubahé para ulama mau, bandjur diprenahaké ing panggonan sing prajoga; rumangsané wong nonoman mau wis nindakaké darma-bekti, djalaran para ulama mau, lagi njirnakaké wong duraka sing wani njenjamah asmané Allah .... Wong mau aran Saul.

Stéfanus dikrutugi watu mengkono iku, polatané ora katon miris utawa nesu, ora béda karo Gusti Jésus nalika wis ngarepaké séda ana ing kaju salib, pasurjané ija ora katingal miris utawa duka.

Bareng wis ora kuwat nahan lara lan wis tjepak patiné, Stéfanus bandjur djèngkèng sarta nguwuh seru swarané: „Ḍuh Gusti Jésus, Tuwan mugi nampani njawa kawula.” Lan sadurungé ngadjal, Stéfanus isih nguwuh sepisan manèh: „Ḍuh Gusti, tijang punika mugi sampun Tuwan tempahaken dosa punika.” Sadjroné mundjuk mengkono bandjur ngadjal. Panguwuhé sing wekasan iku wudjuding pandongané Stéfanus tumrap mungsuhé sing ambek sija, kajadéné pandongané Gusti Jésus tumrap para mungsuhé.

Stéfanus wis mati, nanging para ulama sing wis paḍa lali, isih paḍa terus mbenturi watu, nganti watuné tumpuk unḍung nutupi awaké Stefanus. Kaja mengkono enggoné para ulama mau ngumbar hardaning nepsuné.

BARENG wis wajah soré .... Para imam lan para ulama lijané paḍa nglumpuk arep nggolongaké pikir. Saiki Stéfanus wis kelakon mati, nanging sirnané wong sidji baé durung tjukup. Wong-wong lijané, kajadéné sing disebut para rasul utawa para djuru pamulasara, lan kabeh baé sing paḍa ngaku dadi muridé Jesus Nasarani, iku ija kudu disirnakaké .... Jésus Nasarani dalah saraksaréngaté sing diwulangaké, iku kudu disirnakaké saka ing bumi. Para pangarepé wong Jahudi sing paḍa ngerti marang isining angger-angger, iku kang paḍa wadjib diturut piwulangé.

Anadéné Saul — wong nonoman sing dipasrahi ngrumati djubah, nalika Stéfanus dibenturi watu — njaguhi para ulama ngleksanani sing dadi karepé. Saul iku pantjèn muridé wong Farisi; miturut panganggepé, mbenturi watu wong kaja Stéfanus iku klebu panggawé