Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/169

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

STÉFANUS

169

né para ulama kena kalinḍih. Para rasul iku lan kabèh baé sing paḍa manut marang piwulangé, kudu paḍa ngrasakaké ḍéwé sepira pangwasané para ulama.” Wong-wong mau bandjur paḍa ngrantam-rantam apa sing prajoga ditindakaké murih sirnaning mungsuhé. Saiki tuwuh manèh memungsuhané kaja nalika sugengé Gusti Jésus.

Senadjan mengkono, para rasul ora maèlu marang pangantjam-antjamé para imam,saben dina ora nganti kanḍeg enggoné memulang lan mulasara wong miskin, apadéné marasaké wong lara nganggo daja kakuwatan peparingé Gustiné.

Nanging pagawéan ngrumati lan ngladèni para wong ranḍa, wong djempo, lan miskin, mangka isih kudu memulang nggelaraké Indjilé Gusti, iku kabéh ndjalari para rasul dadi kewowogen. Mulané para rasul bandjur milih wong pitu, wong-wong mursid lan betjik kaloké, apadéné kapenuhan Roh Sutji lan kawitjaksanan, bandjur paḍa kaparingan bubuhan niliki lan ngrumati para sadulur panunggalan lanang wadon, lan mitulungi kang paḍa katjingkrangan. Wong-wong iku ing sabandjure paḍa kasebut diaken utawa djuru pamulasara.

Panunggalané djuru pamulasara mau ana kang aran Stéfanus.

ANADÉNÉ Stéfanus mau wong kang penuh pratjaja marang Gusti Jésus, lan penuh Roh Sutji, wong kendel lan sregep ing gawé, apadéné wasis mitjara. Ing endi-endi baé samangsa perlu, Stéfanus klawan bungah nyritakaké bab sihé Gusti Jésus, lan kabegdjan sing wis dirasakaké ana ing atiné kudu ditularaké marang wong pepaḍané, supaja paḍa bisa mèlu ngrasakaké kabegdjan mau.

Stéfanus uga nindakaké kaélokan lan pratanḍa kang linuwih atas Asmané Gusti Jésus ana ing antarané wong akèh: wong sing nanḍang seḍih paḍa dilipur, sing ketjingkrangan paḍa dipitulungi lan sing nanḍang lara, paḍa diwarasaké. Djeneng Stéfanus wis kawentar ing antarané wong Jerusalém, méh saben wong ngerti apa sing ditindakaké Stéfanus.

Lan golongané para ulama ija ngerti sapa sing djeneng Stéfanus mau. Ana sawenèhing wong golongané wong Farisi njoba bebantahan karo Stéfanus nalika njritakaké bab Gusti Jésus; karepé wong-wong mau arep njrékal Stéfanus srana pinteré ngikal basa, kaja patrapé para ulama nalika mabéni Gusti Jesus.

Nanging wong-wong mau ora ketjonggah njembaḍani kawitjaksanané lan pamitjarané Stéfanus marga saka sawabing Roh. Saben-saben ngadjokaké pitakonan, wong-wong Farisi mau mesṭi ketlèjèk witjarané, iku malah ndjalari wong akèh paḍa luwih seneng ngrungokaké katerangané Stéfanus, nanging ija ndjalari saja wuwuh geṭingé gelengané para ulama marang Stéfanus, ― ora béda karo nalika sugengé Gusti Jésus, samangsa para ulama paḍa kedjoḍéran ana ing ngarsané Gusti marga saka kaluwihané.

Saja wuwuh ndjering rasaning atiné para ulama, jèn ngélingi sapa Stéfanus mau, déné kok kumawani nglawan marang para ulama! Jèn pantjèn mbandakalani, para ulama ora kurang réka lan daja jèn mung arep ningkes wong sidji baé. Djalaran sing wis kelakon ija mengkono patrapé enggoné paḍa njritakaké klilipé, jaiku Jésus Nasarani sing dadi Guruné!

Ing kono para ulama bandjur paḍa ngopahi wong sawetara lan paḍa diodiok-odjoki ngala-ala Stéfanus ana ing ngarepé wong akèh lan paḍa ngadjokaké pandakwa nglawan Stefanus, uniné: „Kula sami mireng tijang punika njenjamah ḍumateng Musa tuwin Allah.” ...

Awit saka panggawéné antèké para ulama mau, Stéfanus kelakon ditjekel lan kaladèkaké ing ngarepé pradata Jahudi, mangka mung lanḍesan seksi goroh. Ana ing ngarepé pradata aturé seksi rerékan diwuwuhi gugatan warna-warna, malah ana sing ngembèt-embèt tjritane jèn Jésus Nasarani bakal mbubrah padaleman sutji lan bakal njalini saréngat manut angger-anggeré nabi Musa .... Gugatan mau kabèh goroh, senadjan enggoné paḍa ngaturaké klawan getem-getem lan mantjereng mripaté, nélakaké jèn wong-wong mau paḍa gregeten ndeleng marang Stéfanus.

Nanging ing satengahé pangantjam Stéfanus ngadeg klawan tatag atiné tanpa was sumelang mangka sing paḍa lenggah ana ing papané pradata mau, nalika pada manḍeng marang Stéfanus, weruh rainé katon kaja wedananing malaékat, gumebjar paḍang mawa praba.

ING kono imam agung bandjur ngandika: „Apa ija bener kang mengkono iku?” Stéfanus bandjur wiwit meḍaraké rasaning atiné, lan pitembungan sing dilairaké iku gawé pinggeting atiné para ulama. Marga saka kuminteré lan sumutji-sutjiné, para ulama paḍa nglirwakaké Allah Sang Rama lan Sang Putra, ija kang djumeneng Sang Mesih. Sing paḍa dipunḍi-punḍi iku padaleman sutji lan awaké ḍéwé paḍa dianggep wis sampurna lan sutji djalaran paḍa netepi apa sing katulisan ana ing angger-angger tuwin pepatjak gawéané ḍéwé. Nanging para ulama mau paḍa ora ngerti sing diarani sadjatining tresna marang Allah .... Iku kabèh diweḍaraké déning Stéfanus ana ing ngarepé para ulama, malah Stéfanus ija nganḍakaké jén para leluhur ing