Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/168

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

168

STÉFANUS

***

mung minangka srana murih olèha pangalembana. Wong loro lanang wadon mau enggoné paḍa rerubukan mengkèné: „Ajo paḍa melu-melu adol palemahan, pepajoné bandjur disaosaké marang para rasul, supaja kawentara ing antarané wong akeh, jèn aku paḍa bèrbudi lan mursid .... Nanging .... éman-éman jèn njaosaké pepajoné kabèh. Upama sing disaosaké marang para rasul mung sapérangan baé, lan diaturaké jèn pepajoné kabèh mung semono, rak ora ana sing bakal weruh ta? .... Mangka pangalembananè wong akèh mesṭi ora bakal katjèk!”

PANGRANTAMING atiné Ananias karo somahé mengkono mau, djalaran wis paḍa kena ing budjuking Iblis, sing nedya njebar widjining tjrah lan paratjidra ana ing kalangané wong-wong Kristen sing tansah mbangun katresnan lan olah karukunan lan ketemenan. Ananias lan Safirah mesṭi paḍa ngerti, jèn tindaké mengkono iku kliru banget lan gorohé iku klebu dosa geḍé, nanging atiné wis ora duwé wedi, djalaran lagi kalimput ing pepeteng.

DADINÉ sing katon ing wong akèh: Ananias njaosaké pisungsung pepajoné palemahané marang Pétrus, nanging wong-wong paḍa ora weruh, jèn ana sapérangan sing diunṭet lan ditinggal ing omahé, disinggahaké primpen déning Safirah. Wong sapasamuwan rak ora ana sing ngerti!

Apa njata ora ana wong sing ngerti?

Pétrus enggoné njawang marang Ananias ora klawan bungah, wusanané bandjur ngandika: „Eh, Ananias, jagéne atimu kaedjègan Iblis, kongsi kowé nggorohi Roh Sutji, sarta pepajoné palemahan salong kounṭet? Jagéné atimu kotjaḍangake marang piala? Sapa sing madjibaké kowé saos pisungsung sarana ngedol palemahanmu? Ora ana wong sing ndjaluk ḍuwitmu utawa palemahanmu, palemahan utawa ḍuwit pepajoné iku dadi duwèkmu ḍéwé. Ana paedahé apa ta déné kowé nganti ngangen-angen pratingkah mengkono iku ana ing atimu? Rak dudu manusa kang kogorohi, nanging Allah.”

Dadiné Pétrus wis nguningani kabèh, djalaran wis diwisik déning Roh Sutji.

Bareng ngrungu pangandika mengkono iku Ananias bandjur ambruk pegat njawa. Paukuman sing nggegirisi.

Para nonoman bandjur paḍa tumandang ngulesi majité, digotong metu lan dikubur.

KOTJAPA Safirah, sing kari ana ing omahé, nganti-anti tekané sing lanang. Jèn Ananias mulih, mesṭi bakal njritakaké enggoné dialembana déning para rasul lan wong-wong lijané. Nanging Ananias djebul ora mulih-mulih. Safirah enggoné ngentèni tekané sing lanang nganti wetara telung djam suwéné.

Suwé-suwé atiné krasa ora kepénak, mulané bandjur nusul Ananias. Satekané ing panggonané para rasul, Safirah wis ora menangi Ananias lan ija ora ngerti apa sing mentas kelakon. Safirah rada kagèt lan gela, déné tekane ora dibagèkaké klawan bungah. Apa mengkono iku wudjuding pangalembana sing diarep-arep?

Safirah bandjur ngaḍep ing ngarsané Pétrus. Sadurungé mundjuk apa-apa, wis diḍawuhi Pétrus mengkéné: „Kowé tutura ing aku, enggonmu paḍa ngedol palemahan apa paju seméné!” Wangsulané Safirah: „Inggih semanten.”

Safirah nganḍemi gorohé sing lanang ....

Pangandikané Pétrus: „Ana apa ta déné kowé paḍa ajon njoba marang Rohé Pangeran? Lah sikilé wong kang wis ngubur lakimu lagi ana ing ngarepé lawang, bakal nggotong kowé uga.”

Sanalika wong wadon mau ambruk ana ing ngarsané Pétrus, pegat njawa.

Para nonoman bandjur paḍa mlebu, majité Safirah bandjur digotong metu sarta dikubur sanḍing lakiné.

BARENG keprungon warta bab lelakoné Ananias lan Safirah, sing paḍa mati ngenggon marga kena wewelaké Allah, wong kabèh bandjur paḍa kataman ing wedi lan giris. Semono geḍéning pangwasané Allah!..

Kamursidan sing lelamisan, slingkuh lan doratjara ana ing pangabekti marang Pangéran, iku abot ukumané, lan nggorohi Roh Sutji iku kapatrapan ukuman pati.

STÉFANUS

KATJARITA para murid sing paḍa nampani piwulangé para rasul saja wuwuh akèh banget ing Jerusalèm. Sapa sing nampani piwulang lan mandjing pratjaja marang Gusti Jésus, iku paḍa dibaptisi, temahan pasamuwan Kristen wiwitan saben dina tansah munḍak-munḍak tjatjahing wargané.

Nanging — golongané para imam, wong Farisi lan para ulama, saja munḍak geṭingé.

Jésus Nasarani wis kelakon kasirnakaké éwadéné meksa tanpa guna. Saumat kabéh saiki paḍa kèlu ngrungokaké marang piwulangé para sekabaté. Nanging pitutur lan wulang wuruké para pangarepé wong Jahudi ora dirèwès, lan kamursidan lan kapinterané nerangaké surasané Kitab paḍa ora digapé.

Nanging para imam tansah mbebangus kantja-kantjané, udjaré: „Adja nganti golonga-