Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

BUDJANA PASKAH KANG WEKASAN

125

dipangandikakaké iku. Ing batin paḍa nakoni awaké ḍéwé-ḍéwé: „Apa nganti kelakon aku ngulungaké Gustiku ḍéwé?” Para sekabat bandjur paḍa njeḍaki Gusti Jésus sarta genti-genti paḍa mundjuk: „Kawula rak boten, Gusti?” Kaja-kaja para sekabat mau paḍa arep mundjuk mengkéné: „O, Gusti, mugi kawula Tuwan ajomi, sampun ngantos nglampahi pandamel maksijat punika!”

Jochanan, sekabat sing tansah tjeḍak karo Gusti Jesus, enggoné lungguh ana ing sanḍing pangkoné. Iku bandjur disasmitani déning Pétrus kapurih mundjuk pitakon sapa sing dipangandikakaké iku. Panunggalané para sekabat salah sidji! Gèk sapa wongé? Jochanan mau bandjur manglung ing djadjané Gusti Jésus sarta mundjuk pitakon: „Gusti, sinten tijangipun?”

Gusti Jésus bandjur paring wangsulan tjeṭa: „Kang bakal dakwènèhi pulukan sawusé daktjelupaké, ija iku wongé.” Nanging pangandika mau mung Jochanan ḍéwé sing ngrungu.

Nalika semono lungguhé Judas aḍep-aḍepan karo Gusti Jésus. Bareng ngrungu pangandikané Gusti Jésus bab wong kang bakal ngulungaké Pandjenengané, jaiku panunggalané para sekabat, Judas kagèt banget. Apa Gusti ija wis pirsa tekan ing batiné, jèn kebak pangarah ala lan pangigit-igit marang Pandjenengané? Nanging senadjan rumangsa wis kedjoḍèran, sedyané sing ala mau arep disamudana, mulané bandjur mèlu mundjuk kaja sekabat lija-lijané: „Kawula rak boten ta, Rabbi?” Ing kono wangsulané Gusti Jésus ora ngagem tèḍèng aling-aling: „Kowé wus ngarani!” Ḍawuh wangsulan mau tumadané kaja sumelèté tjemeṭi ana ing rainé Judas. Pangandika mau tjeṭané mengkéné: „Ija, Judas, kowé ḍéwé wis ngrumangsani. Apa perluné kowé ndadak isih nganggo samudana?”

Gusti Jésus bandjur menḍet roti pulukan, sawisé ditjelupaké, diparingaké marang Judas. Sawisé nampani pulukan mau, Judas bandjur dipangandikani déning Gusti Jésus: „Kang dadi sedyamu iku énggalna!”

Para sekabat sing paḍa kembulan kabèh ora ana sing ngerti apa tegesé pangandikané Gusti Jésus marang Judas mau. Ora ana sing njana babar pisan jèn panggawé sing arep dilakoni Judas iku nggegirisi banget. Malah ana sing duwé pangira, sarèhné Judas kang njekel kantong ḍuwit, dadi diḍawuhi déning Gusti Jésus supaja tukua kang dadi kaperluanè rijaja Paskah mau, utawa dikersakaké dedana marang wong miskin.

Déné Judas sawisé nampani pukulan mau, bandjur ngadeg, lan metu tanpa pamit saka ing kono. Mangka wajahé bengi.

Ana ing papaning budjana, ing panggonan sing paḍang, tjeḍak karo Gusti Jésus sing bisa nguningani tekan ing ḍeḍasaring ati, ana ing kono Judas tansah rumangsa ora kepenak atiné. Nanging bareng tekan ing djaba ing panggonan sing peteng, atiné lagi bisa djendjem. Pantjèn piala iku mungguh banget dumunung ana ing pepeteng.

KOTJAPA salungané Judas, budjanané Paskah dibatjutaké. Gusti Jésus mirsani para sekabat, saiki mung kari sewelas, awit Judas wis lunga. Bareng karo lungané Judas, rasa sing njengkal lan sléntja ana ing padjagongan ija bandjur ilang sanalika. Gusti Jésus saiki mung diaḍep para sekabaté sing paḍa wedi asih marang Pandjenengané. Sawusé paḍa saos sokur nganggo kidung pamudji, kaja adaté wong Israèl sadurungé mangan Paskah, Gusti Jésus bandjur menḍet roti, sawisé diberkahi, tumuli ditjuwil-tjuwil lan diparingaké marang para sekabat, kambi ngandika: „Paḍa tampanana, panganen, iki badanku.” Nuli menḍet tuwung isi anggur, sawisé saos sokur, bandjur diparingaké marang para sekabat, ḍawuhé: „Paḍa ngombéa kabèh ing tuwung iki, awit iku getihku kang mungguh ing pradjandjian anjar, kang kawutahaké kanggo ing akèh murih apuraning dosa.” Para sekabat paḍa mangan roti lan ngombé anggur peparingé Gusti kambi njawang Pandjenengané klawan gumun.

Gusti Jésus ija ngandika: „Enggonmu paḍa nglakoni iku gawénen pangéling-éling marang Aku.” .... Nanging apa kersané maringi ḍawuh mengkono iku? Apa kersané supaja para sekabat adja nganti lali marang Pandjenengané? Apa para sekabat kaḍawuhan paḍa mangan roti lan ngombé anggur bebarengan minangka enggoné paḍa ngéling-éling marang Gusti lan Guruné? Apa mengkono sing dikersakaké?

Lan manèh apa maknané Gusti ngandika jèn roti iku sarirané lan anggur iku rahé kang kawutahaké? Nalika isih paḍa ngepung budjana, para sekabat durung ngerti tegesé pangandikané Gusti Jésus sing tansah ngéling-élingaké marang sangsara lan sédané. Apa njata jèn mung kari sepisan iki enggoné paḍa bisa tetunggalan mangan Paskah karo Gustiné? Dadi iki budjana Paskah sing wekasan?

Para sekabat paḍa mangan roti lan ngombé anggur, ora ana sing kumetjap, djalaran atiné kisruh déning gumun kaworan seḍih.

BÉSUK ing tembé, sawisé lelakon mau kepungkur suwé, para sekabat lagi bisa njanḍak tegesé pangandikané Gusti Jésus mau. Ing tembé para sekabat bakal paḍa