Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

126

GÈTSÉMANÉ

***

nglumpuk, saben dina, lan mangan roti karo ngombé anggur bebarengan, nanging Gusti Jésus wis ora ana ing tengahé, mung katresnané sing tansah paḍa diéling-éling, jaiku: enggoné Gusti Jésus wis masrahaké sakagungané kabèh, sarira dalah rahé, djiwa ragané, malah sakamuljané kabèh, kanggo wong akèh lan ija kanggo para sekabat ḍéwé.

Budjana Paskah iku budjana pangéling-éling. Wong Israel paḍa njembelèh tjempé lan paḍa mangan roti tanpa ragi, minangka pangéling-éling marang pangentasané bangsa Israèl ing djaman kuna saka ing tanah Mesir.

Budjana Sutji kaja sing diḍawuhaké déning Gusti Jésus marang para sekabat mau, mangan roti lan ngombé anggur, iku ija dadi budjana pangéling-éling marang pangentasan saka ing pamisésané dosa. Gusti Jésus nglampahi nanḍang sangsara lan séda iku kanggo ngentasaké para kagungané saka ing pamengkuné dosa, temah paḍa bisa olèh karahajon langgeng.

Ing tembé para sekabat paḍa bisa ngerti tegesé pangandikané Gusti Jésus, temah trenjuhing atiné nalika semono malih dadi kabungahan geḍé.

Lan ora mung para sekabat sewelas sing paḍa ngéstokaké ḍawuhé Gusti Jésus .... Pirang-pirang atus taun sapungkuré Gusti Jésus séda, ing endi-endi panggonan ing djagad wong-wong sing paḍa wanuh lan tresna marang Gusti Jésus, paḍa ngéstokaké ḍawuh mau, lan saben-saben paḍa tetunggalan nganakaké budjana sutji.

„Enggonmu paḍa nglakoni iku gawénen pangéling-éling marang Aku!” .... mengkono ḍawuhé Gusti Jésus sing wekasan marang para sekabaté. Lan ḍawuh mau diéstokaké déning wong éwon lan jutan ana ing salumahing bumi. Saben-saben ana pakumpulané wong-wong mau paḍa tetunggalan mangan roti lan ngombé anggur kambi ngéling-éling marang sihé lan marang sédané Gusti Jésus. Lan ḍawuhé mau bakal lestari diéstokaké djalaran wong-wong mau paḍa ngerti, jèn mung sihé Gusti Jésus, sing bisa ngolèhaké karahajon langgeng, temah katarimah manèh ana ing ngarsané Allah.

Nanging nalika wengi iku para sekabat durung bisa njanḍak eliding ḍawuh sing diparingaké déning Gusti Jésus. Kedjaba prakara mau lagi ketembèn tumrapé para sekabat, atiné ḍéwé ija bebeg ngrasakaké Gustiné enggoné bakal nanḍang sangsara.

Déné Gusti Jésus pijambak keprijé? .... Ora ana wong sing ngerti lelakon apa sing bakal kelakon ing bengi iku, kedjaba mung Gusti Jésus pijambak. Senadjan mengkono, éwadéné Gusti Jésus mung tansah migatosaké para sekabaté, sing paḍa katon seḍih atiné, temah paḍa diparingi panglipur.

Pangandikané Gusti Jésus: „Atimu adja melang-melang. Pada kumandela ing Allah, ija kumandela ing Aku uga. Ing dalemé Ramakku akèh panggonané. Aku lunga njawisi papan marang kowé. Déné menawa Aku wus lunga njawisi papan marang kowe, tumuli Aku bakal bali ngalap kowé marek marang Aku, supaja ing endi dunungku, kowé ija paḍa anaa ing kono uga. Mangka ing endi paranku kowé wus paḍa sumurup, lan ija paḍa sumurup dalané .... Aku iki dalané, sarta djatiné kajektèn lan kauripan. Ora ana wong kang marek marang Sang Rama menawa ora metu ing Aku ... Kowé bakal ora daktinggal lola, Aku nemoni kowé.”

Para sekabat paḍa marem ngrungokaké pangandikané Gusti Jésus lan atiné paḍa kalipur. Gustiné bakal rawuh manèh, malah ing tembé bakal paḍa tetunggalan karo Pandjenengané ing salawas-lawasé.

Isih akeh sing dipangandikakaké Gusti Jésus ana ing budjana Paskah iku. Senadjan Gusti Jésus bakal nilar para sekabaté ana ing tengahing djagad, éwadéné ora ditilar tanpa kanṭi, awit bakal disuwunaké marang Sang Rama supaja diparingana Djuru Pirembag, jaiku Sang Roh Sutji, kang bakal dedalem ana ing atiné, nuntun ing salaku-lakuné, apadéné nedah-nedahaké apa sing durung dingertèni déning para sekabat.

Gusti Jésus ija mangandikakaké bab katresnan sing dadi ḍasaré patunggalan ing antarané para sekabat. Pangandikané: „Kowé paḍa dakwènèhi pakon kang anjar, supaja kowé paḍa tresna-tinresnana. Dikaja enggonku tresna marang kowé, kowé ija paḍa tresna-tinresnana uga. Ija iku margané ketitik marang wong kabèh jèn kowé paḍa dadi muridku, menawa kowé paḍa tresna-tinresnan.” Kaja mengkono patrapé enggoné Gusti Jésus maringi panglipur marang para sekabaté, ora kenḍat-kenḍat enggoné menggalih, ngreksa lan ndongakaké marang para kagungané. Mangka waktuné nanḍang sangsara saja suwé saja njeḍaki, nanging para sekabat ora ana sing ngerti, kedjaba mung Gusti pijambak.

Sawisé paḍa saos sokur lan sarampungé budjana Paskah mau, Gusti Jésus bandjur ngandika marang para sekabat: „Mara paḍa ngadega, pajo paḍa mangkat saka ing kéné.”

GÈTSÉMANÉ

WAJAHÉ peteng ndedet lan sepi njenjet. Gusti Jésus biḍal saka panggonané budjana Paskah mau kaḍèrèkaké para sekabat sewelas; kabèh paḍa ngarah bisaa tjeḍak