Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

124

BUDJANA PASKAH KANG WEKASAN

***

klawan gumolonging atiné ing sadjegé urip, mulané gupuh-gupuh undjuké: „Gusti, sampun ngamingaken suka kawula kémawon, mugi dalah tangan kalijan sirah pisan.” Enggoné Pétrus mundjuk mengkono iku karepé masrahaké djiwa lan ragané supaja kepareng nunggal karo Gustiné. Nanging iku ora perlu, wis tjukup jèn sikilé baé sing diwisuhi. Kaja mengkono patrapé Gusti Jésus enggoné ngladosi Pétrus lan sekabat lija-lijané, nganti kabèh paḍa diwisuhi sikilé.

Gusti Jésus sarampungé ngwisuhi sikilé para sekabat, bandjur ngagem pangagemané sarta pinarak manéh ngepang médja lan ngandika: „Kowé apa paḍa njanḍak tegesé panggawéku marang kowé iku mau?”

APA para sekabat paḍa bisa njanḍak piwulang sing diparingaké Gusti Jésus sarana pandamelé mau? Para sekabat mung paḍa tumungkul isin lan ora mundjuk apa-apa. Enggoné paḍa mangkat menjang ing budjana Paskah mau atiné wis nggawa rasa ora kepénak, djalaran kaja-kaja wis ngarepaké prakara sing nggegirisi, sing asring dipangandikakaké déning Gusti Jésus pijambak. Bola-bali Gusti ngandikakaké bab bakal sédané .... Mangka atiné wis kaḍung tresna marang Pandjenengané, lan jèn Gustiné nganti nemahi séda temenan, gèk keprijé polahé? Mulané ora nggumunaké jèn tekané ana ing budjana Paskah mau atiné wis nganḍut seḍih.

Ewadéné senadjan ana prakara sing luwih déning gawat, para sekabat isih paḍa kober dija-dinija rebut ngarep, nanging saiki paḍa ngerti, jèn enggoné paḍa padu mau mungmuwuhi trenjuhing galihė Gustiné.

Nanging Gusti Jésus ora ketingal jèn rengu galihé, lan para sekabat paḍa ora didukani. Gusti Jésus mung munḍut waḍah banju lan lawon, bandjur ngwisuhi sikilé para sekabat. Pandjenengané ngesoraké sarira ngladosi para sekabat. Sarana patrap mengkono Gusti Jésus nedahaké klawan tjeṭa apa sing kudu ditindakaké para sekabat. Para sekabat diparingi tulaḍa jèn kudu paḍa ngesoraké awak, lan ngladèni pepaḍané klawan katresnan.

Bareng para sekabat mung paḍa meneng bae, Gusti Jésus ngladjengaké pangandikané: „Aku kosebut Guru lan Gusti, lan wus bener panjebutmu iku, awit ḍasar mengkono Aku iki. Kang iku menawa Aku iki kang dadi Gusti lan Guru, wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowé ija paḍa kuwadjiban wisuh-winisuhan sikil. Awit Aku wus awèh tulaḍa marang kowé, supaja kaja kang dadi panggawéku marang kowé, kowé ija paḍa nglakonana mengkono uga. Satemen-temené pituturku ing kowé: Kang djeneng abdi iku ora ngungkuli bendarané, utawa kang djeneng utusan ija ora ngungkuli kang ngutus. Menawa kowé sumurup prakara iku, rahaju kowé menawa ija paḍa nglakoni.” Para sekabat saiki wis tjeṭa pangertiné marang piwulang sing diparingaké Gusti Jésus, lan bandjur paḍa kelingan pangandikané bab anḍap-asor mengkéné: „Sing sapa mélik dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia buḍaking akèh”.

ENGGONÉ paḍa ngepung budjana Paskah dibatjutaké, nanging papan ing budjana mau kaja-kaja kalimputan ing swasana seḍih. Para sekabat ora ana sing kumetjap. Gusti Jésus bandjur ngandika manèh: „Wus banget kepénginku mangan Paskah karo kowé sadurungé Aku nanḍang sangsara. Awit pituturku ing kowé: Aku bakal ora mangan iku manèh kongsi tumeka bésuk kajektèné ana ing kratoné Allah.” ....

Rungokna ta, saiki Gusti Jésus ngandikakaké manèh bab enggoné bakal nanḍang sangsara lan séda; pangandikané iku dudu saloka utawa pasemon, nanging pangandika wantah, wong sing ngrungu mesti ngerti kersané.

Para sekabat paḍa njawang Gusti Jésus klawan seḍih, kaja patrapé wong sing paḍa njawang seduluré sing arep petjat njawa lan seḍéla engkas talining katresnan mesṭi peḍot déning dajaning pati. Para sekabat paḍa rumaket marang Gustiné lan Gusti Jésus pijambak ija kasok tresnané marang para sekabaté. Gusti Jésus kepéngin banget ḍahar Paskah bareng karo para sekabat sadurungé séda, dadi mung kari sepisan iki enggoné paḍa bisa tetunggalan, nanging tetunggalan sing wekasan lan sing banget nrenjuhaké.

Nanging para sekabat malah saja samar lan ngungun atiné apadéné koḍeng pikiré, bareng ngrungu Gusti Jésus ngandika manèh: „Satemené pituturku ing kowé: Sawidjining panunggalanmu bakal ngulungaké Aku.”

Ngulungaké? Ngulungaké Gusti marang mungsuh? Ngulungaké Guru lan Gustiné sing paḍa ditresnani lan sing sutji sampurna tanpa kaluputan? Dadi njidra marang Guruné sing mung tansah nindakaké kasaénan? Kaja-kaja ora ketemu ing nalar jèn nganti kelakon mengkono!

Nanging prakara iku mesṭi bakal kelakon temenan, djalaran Gusti pijambak sing ngandikakaké. Gusti Jésus isih njambeti pangandikané: „Lungané Putrané manusa iku ija nurut ing pepesṭèn, nanging bilai wong kang dadi margané enggoné kaulungaké. Begdja wong iku saupama ora kelakona lair.”

Para sekabat tumuli paḍa pandeng-pinandeng kambi melang-melang, sapa baja kang