Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
. . . . BANDJUR LEKAS NGWISUHI SIKILÉ PARA SEKABAT . . . .

luwih kadjèn. Pantjèn ing sadurungé wis ana dija-dinija ing antarané para sekabat bab panunggalané sapa sing dadi pangarep ....

Mungguh Gusti Jésus pijambak keprijé? .... Pandjenengané mirsani sakabèhing rasa-pangrasa sing ana ing atiné para sekabat, mulané bandjur kepareng maringi pameléh. Bareng kabéh wis paḍa mapan ana ing papané ḍéwé-ḍéwé, Gusti Jésus bandjur djumeneng saka ing budjana, lukar pangageman, sarta menḍet lawon, tumuli ngesok banju ing pawisuhan, bandjur lekas ngwisuhi sikilé para sekabat, sarta diusapi nganggo lawon sing diubedaké mau.

Para sekabat paḍa weruh apa sing ditindakaké Gusti Jésus, temah paḍa rumangsa kewelèh. Gusti Jésus nindakaké pagawéan sing adaté dilakoni déning batur. Pandjenengané sing mesṭiné kudu diladosi déning para sakabaté, saiki malah ngladosi. Pandjenengané kang maha sutji lan kagungan pangwasa, kersa ngesoraké sarira nganti djèngkèng ana ing ngarepé para sekabat ngwisuhi sikilé. Para sekabat ngerti piwulang apa sing diparingaké sarana patrap mengkono mau. O, la kok mau-mau ora ana sing duwé gagasan wisuh ḍéwé utawa ngwisuhi kantjané!

Mengkono sabatjuté para sekabat paḍa genti-genti diwisuhi sikilé dening Gusti Jésus, nanging satekané ing panggonané Simon Pétrus, ing kono Pétrus mopo. Pétrus weruh enggoné Gusti Jésus djèngkèng ing ngerepé kantja-kantjané lan ngwisuhi sikilé, nanging ing batin Pétrus ora lila ndeleng Gusti Jésus nindakaké panggawéan batur, gagasané: „Adja nganti aku diwisuhi Gusti!” Bareng Gusti Jésus wis djèngkèng ana ing ngarepé, Pétrus kepeksa mundjuk: „Gusti, punapaa Tuwan kersa ngwisuhi suku kawula?” Nanging Gusti Jésus bandjur paring wangsulan, pangadikané: „Panggawéku iki samengko kowé durung njanḍak tegesé, nanging bésuk kowé bakal ngerti!” Senadjan Pétrus saiki durung ngerti, éwadéné meksa mopo, undjuké: „Ing salami-laminipun sampun ngantos Tuwan ngwisuhi suku kawula.” Nanging Gusti Jésus bandjur mangsuli pangandikané: „Menawa kowé ora dakwisuhi, dadi ora nunggal panduman karo Aku.” Pangandikané Gusti mengkono iku gawé kagèt lan getuné Pétrus, awit ora njana babar pisan jén undjuké mau bakal mitunani awaké ḍéwé. Ora nunggal panduman karo Gustine, dadiné ora kepareng nḍérék ing satindaké lan ora kepareng dadi sekabaté? O, muga-muga sing kaja mengkono adja nganti kelakon! .... Pétrus wis mantep tékadé arep nḍérék Gusti Jésus