Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Sawangen bumi kang aran Jawa Tengah
Bumi kang gemah ripah Ioh jinawi
Bumi kang dadi pangiyup para manungsa

Rasa tresnaku sangsaya gedhé
Sawisé aku ngerti
Aku ngerti yèn ing tanah uripku
Iki akèh budaya-budaya
Budaya kang kudu tak lestarèkaké
Budaya kang kudu takuri-uri
Budayaku ..... budaya Jawi Tengah


106. Pangegurit: Luthfi Amalia

00000716

Kaèndahaning Jagad Jawa Tengah

Jawa Tengah...,
Srengéengé kang tumungkul ing sisih wétan
Sangsaya awan saya mandhuwur
Ginambaran gregeting rasa
Kanggo ngrengkuh gegayuhan
Kang sangsaya kuat ing sajeroning manah
Rina wengi tansah ginanten
Kanggo ngudi kawruh ngangsu ilmu
Bisa dadi wong migunani
Mèlu nduwéni tlatah Jawa Tengah
Nganggo ilmu kang mupangati
Jawa Tengah ....
Gemah ripah loh jinawi
Sinebaté panggonan iki
Sesawangan alam kang rinacik apik
Nambah panoramaning tlatah iki

Ora....

77