Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Budaya kang manis unggah-ungguhé
Netepi paugeran kang wis ditetepaké
Jawa Tengah.....
Budaya kang sulistyva bebudiné
Kebak rasa urmat
Sregep ing panggawéané
Bibit Waluyo Gubernuré
Kudu waluya uga tlatahé
Karya sastra budayané
Aja dadi rebutaning negara manca
Kang dadi wewarising budaya
Kudu lantir panggraitané
Sarta kuwat lair batiné

Jawa .....



Jawa Tengah.........
Ora ana kang bisa nandhingi
Budaya kang kebak alus solah bawané
Dadi tuladhaning budaya liya
Yaiku budaya Jawa Tengah.


105. Panggurit: Wahida Afifatul Karima 00000717

“Tlatahku”

Tlatah Jawa......
Ing kéné awakku dilairké
Ing kéné anggonku urip
Ing kéné papan anggenku golèk ilmu
Ing kéné .....ing tlatah Jawa...
Jawa Tengah...

Coba sawangen lintang-lintang kang lagi guneman
Coba sawangen rembulan kang tansah mèsam-mèsem

76