Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Ora mung sesawangan alam kang pinungegul
Uga dijangkepi mring kabudayaning Jawa
Unggah-ungguh basa kang sangsaya pinanggul
Minangka jati dhirining bebrayan Jawa Tengah
Kabudayan kang karakit apik kuwi
Tansah diuri-uri
Aja seneng dadi generasi mudha
Kang pinunggul amarga melu kebudayaning manca
Aja ngaku wong Jawa Tengah
Sadurungé weruh kesenian wayang
Marga aku tresna Jawa Tengah......
Kawi kang kudu dicekel generasi mudha
Yén ngaku bebrayan Jawa Tengah...


107. Panggurit: Yohanna Fauziah 00000718

Jagad Budaya Katresnan

Sésuk ésuk yèn sang surya wiwit sumunur
Jumangkah ing dalan kang kebak sandungan
Kang kepidak kebak manungsa
Wus sinerat ana jagad budaya
Ing sak ngisoré langit
Mara gagé....
Tak tunggu tekamu sing kebak ngangen-angen

Apa iki kang dadi kekarepanku?
Mbuka kahanan kanggo budaya kang dadi kembang mawar
Ing jagad katresnan iki
Guritan apa déné kekarepanku
Nglinthing bareng tumiyupé budaya
Sadawané wengi

78