Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Saka kulon katon nyenengaké
Nganti tibaning langit peteng
Kapal-kapal setya
Nunggoni tekané ombak samudra
Anggoné diombang-ambingaké
Petengé wengi kang wis sepi
Uga ndadèkaké pandhangé mbulan njingglang
Madangi sak ambané pelantaran
Kuthaku tepi samudra
Kuthaku handarbéni jeroning atiku


104. panggurit: Siti Jariyah 00000715

Sulistyaning Jawa Tengah

Jawa Tengah ....
Budaya kang agung budi luhur
Manéka warna karyané
Beksan karawitan panatacara wayang
kang tansah nggawé rerengganing tlatah Jawa Tengah
Jawa Tengah......
Budaya kang tansah kauri-uri
Adhem ayem tentrem bebrayané
Gemah ripah Ioh jinawi
Gayub rukun tetanggané
Sapa kang bisa ngauri-uri
Yén ora dhéwé sing dadi panerusé
Budaya kang alus solah gawané
Alon sarta ngati-ati tindak tuturé
Ramah tamah patrapé
Gedhé cilik, lanang wadon, tuwa lan enom
Padha greget nggayuh kabecikan

Budaya....

75