Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Tur sageta kaluwarna saka ing obah asiking dunya!
Manis, manising ati, ing telenging nétra...
Pepundhén ing sanubari, pepadhang ing sukma!
Nyebar gondhoning arum, kang wus ngancik dewasa
Dadi péncokan ing ati, nalika tumuruning pamor!
Sarwa kebak ing kabegjan, duh.. kesuma!

Kaéndahan kang sinawang
Prasasat kadya Semarang
Manis, manising ati, ing telenging nétra.
Wonten ing tengah-tengahing bumi nuswantara!
Hanjalari rasa bungah, ora mung sakwentara!
Nganti dumugi ing pungkasané Jagat raya!
Tuhu paring rena Gusti Kang Maha Sih Palimirna..

Aku ya wus saba rana-réné, ngalor, ngidhul, ngétan, ngulon!
Sanadyan aku lunga adoh, tan wurung nuli mantuk!
Tan pantara dina, anané mung kudu kepéngin ketemu!
Amerga tansah kélingan, cahyamu merak ati..
Gilar-gilar sumunar, gilang-gilang dumilah..
Cumlorot sumorot srengéngému, duh suryaning ati!
Tuhu setya saéstu-éstu, jumbuh tresna ing sulami..
Tuhu paring rena Gusti ingkang jumeneng ana.
Tuhu kanugrahing Gusti, binerkahan..
Kayu legi, kayu manis, kayu wangi, kayu garu
Senajan turu aning atiku melék..
Duh, Jawa Tengah.. kinasih ati..
Mesemmu, marakaké aku kesengsem!!!

60