Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

83. Penggurit: Mardia Astuti 00001007

Layang Soré ing Karimunjawa

Langit ing pérangan kulon
Kaslimut warna abang mbranang
Sadhéla manéh peteng ngampiri bumi.
Garis laut dhatar digandhéng sepi.
Kabeh ilang, balik nang muasalé.
Persis kahanan urip iki.
Ora ana kang abadi.
Nanging sanadyan mengkana
Kita tansah duwé gondhélan prinsip
Tresna marang bumi pertiwi
Jawa Tengah kang sarwa éndah
Sajatining urip
Aja nganti kalah lan kalelep
Sanadyan sèwu bebayan
Bakal teka


84. Panggurit: Amelia Qonitah 00000827

Pancadaning Budaya Jawi

Ing tumrap tanah Jawi..
Budaya kang warna-warni
Kasarasan budaya kang éndah migunani kabudayan ing tanah iki

Jawi Tengah...
Tanahé wong Jawi
Kang éndah budayané
Rahayu, arum budaya kang kagungan kaéndahan

Gamelan...

61